Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Kahf Ayahs #16 Translated in Jawa

ثُمَّ بَعَثْنَاهُمْ لِنَعْلَمَ أَيُّ الْحِزْبَيْنِ أَحْصَىٰ لِمَا لَبِثُوا أَمَدًا
Banjur padha Ingsun tangekake supaya Ingsun nguningani klawan gumelar, endi lan sapa kang luwih mangerti suwening mangsa manggon ana ing guwa saka antarane rong golongan kang padudon ing perkara bab iku
نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ نَبَأَهُمْ بِالْحَقِّ ۚ إِنَّهُمْ فِتْيَةٌ آمَنُوا بِرَبِّهِمْ وَزِدْنَاهُمْ هُدًى
Ingsun nyeritakake marang sira Muhammad, cerita lelakone Ashabul Kahfi klawan sakbenere. satemen Ashabul Kahfi iku wong - wong (wong wolu klebu asune) kang percaya marang Allah Pangeran, lan wong - wong mau Ingsun wuwuhi pituduh bener
وَرَبَطْنَا عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ إِذْ قَامُوا فَقَالُوا رَبُّنَا رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ لَنْ نَدْعُوَ مِنْ دُونِهِ إِلَٰهًا ۖ لَقَدْ قُلْنَا إِذًا شَطَطًا
Lan Ingsun ngukuhake (nguwatake) atine para Ashabul Kahfi anggone padha mantep ngrungkepi bener, nalika padha didangu ana ngarepe Ratune (kang aran: Dzaqiyanus), ature: "Pangeran kawula punika Allah Pangeranipun langit lan bumi. Kawula boten manembah Pangeran sanesipun Gusti Allah. (Upami kula ngakeni wintenipun Pangeran sanesipun Allah) yektos kula sampun ngucapaken gegorohan dhateng Allah
هَٰؤُلَاءِ قَوْمُنَا اتَّخَذُوا مِنْ دُونِهِ آلِهَةً ۖ لَوْلَا يَأْتُونَ عَلَيْهِمْ بِسُلْطَانٍ بَيِّنٍ ۖ فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا
Para sedherek kula punika sami manembah Pangeran sanesipun Allah. Kenging punapa teka sami boten saged ngawontenaken tandha yekti ingkang terang lan gamblang. Kawuningan boten wonten tiyang ingkang langkung nganiaya (durhaka) tinimbang tiyang ingkang wicanten dora damel - damel, mastani menawi Allah punika wonten ingkang nyameni
وَإِذِ اعْتَزَلْتُمُوهُمْ وَمَا يَعْبُدُونَ إِلَّا اللَّهَ فَأْوُوا إِلَى الْكَهْفِ يَنْشُرْ لَكُمْ رَبُّكُمْ مِنْ رَحْمَتِهِ وَيُهَيِّئْ لَكُمْ مِنْ أَمْرِكُمْ مِرْفَقًا
(Bareng wis padha mundur saka ngarsane sang nata, Ashabul Kahfi banjur padha caturan siji lan sijine): "Lan menawa sira wis oncat ninggalake wong - wong kafir mau dalah sesembahan saliyane Allah, prayogane ayo padha ngungsi lan dhelik marang guwa bae, ana ing kono Allah Pangeran mesti maringi rejeki marang kowe, lan paring gampang tekani samubarang kang mikolehi marang kowe

Choose other languages: