Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jathiya Ayahs #10 Translated in Jawa

تِلْكَ آيَاتُ اللَّهِ نَتْلُوهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۖ فَبِأَيِّ حَدِيثٍ بَعْدَ اللَّهِ وَآيَاتِهِ يُؤْمِنُونَ
Ayat kang wis kasebut mau tandha yektining Allah, Ingsun gelarake kelawan nyata marang sira. Yen meksa padha maido banjur arep ngandel apa, liyane dhawuh lan tandha yektine Allah
وَيْلٌ لِكُلِّ أَفَّاكٍ أَثِيمٍ
Cilaka temen sarupane tukang maido tur akeh dosane
يَسْمَعُ آيَاتِ اللَّهِ تُتْلَىٰ عَلَيْهِ ثُمَّ يُصِرُّ مُسْتَكْبِرًا كَأَنْ لَمْ يَسْمَعْهَا ۖ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ أَلِيمٍ
Diwacakake sarta krungu al-Quran ayating Allah, nanging banjur puguh gumedhe wegah ngestokake padha wae ora krungu. Wong mankono mau terangna bakal dipatrapi siksa kang nglarani
وَإِذَا عَلِمَ مِنْ آيَاتِنَا شَيْئًا اتَّخَذَهَا هُزُوًا ۚ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُهِينٌ
Dene menawa weruh sathithik ayat - ayatingsun banjur dianggo geguyon wong mangkono iku mesthi dipatrapi siksa kang ngremehake
مِنْ وَرَائِهِمْ جَهَنَّمُ ۖ وَلَا يُغْنِي عَنْهُمْ مَا كَسَبُوا شَيْئًا وَلَا مَا اتَّخَذُوا مِنْ دُونِ اللَّهِ أَوْلِيَاءَ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Wong kafir ana donya prasasat wis ngarepake neraka jahannam. Samu barang kang dilakoni apa dene anggone mangeran marang liyane Allah (Brahala) ora bisa murungake siksa, mesthi dipatrapi siksa gedhe

Choose other languages: