Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jathiya Ayahs #12 Translated in Jawa

يَسْمَعُ آيَاتِ اللَّهِ تُتْلَىٰ عَلَيْهِ ثُمَّ يُصِرُّ مُسْتَكْبِرًا كَأَنْ لَمْ يَسْمَعْهَا ۖ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ أَلِيمٍ
Diwacakake sarta krungu al-Quran ayating Allah, nanging banjur puguh gumedhe wegah ngestokake padha wae ora krungu. Wong mankono mau terangna bakal dipatrapi siksa kang nglarani
وَإِذَا عَلِمَ مِنْ آيَاتِنَا شَيْئًا اتَّخَذَهَا هُزُوًا ۚ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُهِينٌ
Dene menawa weruh sathithik ayat - ayatingsun banjur dianggo geguyon wong mangkono iku mesthi dipatrapi siksa kang ngremehake
مِنْ وَرَائِهِمْ جَهَنَّمُ ۖ وَلَا يُغْنِي عَنْهُمْ مَا كَسَبُوا شَيْئًا وَلَا مَا اتَّخَذُوا مِنْ دُونِ اللَّهِ أَوْلِيَاءَ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Wong kafir ana donya prasasat wis ngarepake neraka jahannam. Samu barang kang dilakoni apa dene anggone mangeran marang liyane Allah (Brahala) ora bisa murungake siksa, mesthi dipatrapi siksa gedhe
هَٰذَا هُدًى ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ لَهُمْ عَذَابٌ مِنْ رِجْزٍ أَلِيمٌ
al-Quran iku pituduh bener, dene sarupane wong kafir kang maido ayating Pangeran bakal diptrapi siksa kang nglarani
اللَّهُ الَّذِي سَخَّرَ لَكُمُ الْبَحْرَ لِتَجْرِيَ الْفُلْكُ فِيهِ بِأَمْرِهِ وَلِتَبْتَغُوا مِنْ فَضْلِهِ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Allah iku kang nelukake segara mulane perahu bisa mlaku ana segara kelawan parentahe Allah, lan sira bisa ngupaya sih kanugrahaning Allah rizki sarana dagang pelayaran supaya bisa syukur

Choose other languages: