Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #62 Translated in Jawa

وَإِنْ مِنْ قَرْيَةٍ إِلَّا نَحْنُ مُهْلِكُوهَا قَبْلَ يَوْمِ الْقِيَامَةِ أَوْ مُعَذِّبُوهَا عَذَابًا شَدِيدًا ۚ كَانَ ذَٰلِكَ فِي الْكِتَابِ مَسْطُورًا
Lan ora ana sawijining negara (senadyan wong kang tumindak ala utawa becik), kajaba Ingsun kang ngrusak ahli-ahline sadurunge Qiyamat (wong kang ngabekti Allah padha Ingsun pundhut kelawan mati mukmin, dene wong kafir padha Ingsun rusak klawan turuning siksa kang abot). Kahanan kang mengkono iku (ngrusak lan nyiksa mau) wis ditulis ana ing Kitab (Lauhil Mahfudz)
وَمَا مَنَعَنَا أَنْ نُرْسِلَ بِالْآيَاتِ إِلَّا أَنْ كَذَّبَ بِهَا الْأَوَّلُونَ ۚ وَآتَيْنَا ثَمُودَ النَّاقَةَ مُبْصِرَةً فَظَلَمُوا بِهَا ۚ وَمَا نُرْسِلُ بِالْآيَاتِ إِلَّا تَخْوِيفًا
Lan ora ana barang kang murungake anggoningsun nurunake tanda yekti (kang disuwun dening wong-wong mau) kajaba sebab wong dhek biyen wis nate kelakon padha nggorohake tandha yekti mau. Lan Ingsun wis maringi marang kaum Tsamud (kaume nabi Shaleh) sawijining Unta wadon kang cetha dadi tanda yekti kebenerane kenabiyane Nabi Shalih, nanging wong-wong mau banjur padha nganiaya (nyembeleh). Ingsun ora nurunake tanda yakti iku kajaba mung kanggo pepeling supaya padha wedi (siksa akherat)
وَإِذْ قُلْنَا لَكَ إِنَّ رَبَّكَ أَحَاطَ بِالنَّاسِ ۚ وَمَا جَعَلْنَا الرُّؤْيَا الَّتِي أَرَيْنَاكَ إِلَّا فِتْنَةً لِلنَّاسِ وَالشَّجَرَةَ الْمَلْعُونَةَ فِي الْقُرْآنِ ۚ وَنُخَوِّفُهُمْ فَمَا يَزِيدُهُمْ إِلَّا طُغْيَانًا كَبِيرًا
(Muhammad) sira nyritakna nalika Ingsun dhawuh marang sira, "Satemene Kuwasa lan Waspadane Pangeranira iku nglimputi para manungsa, Lan Ingsun ora ndadekake kabeh kang dikatonake marang sira ana ing wengine Mi’raj, kajaba dadi coba tumra para manungsa, sarta Ingsun ora nyritakake kayu Zaqum kang dila’nat ana ing Qur’an, kajaba dadi pituduh (coba) uga. Lan Ingsun medeni wong-wong mau nanging ora nambahi apa-apa kejaba saya tambah lacut temenan
وَإِذْ قُلْنَا لِلْمَلَائِكَةِ اسْجُدُوا لِآدَمَ فَسَجَدُوا إِلَّا إِبْلِيسَ قَالَ أَأَسْجُدُ لِمَنْ خَلَقْتَ طِينًا
Lan nalikane Ingsun dhawuh marang para Malaikat, "Sira padha sujuda marang Adam", para Malaikat mau banjur padha ngestokake dhawuh, padha sujud marang Nabi Adam, kejaba mung Iblis, matur marang Allah, "Punapa kawula kedah sujud dhateng tuyang ingkang Panjenengan titahaken saking siti
قَالَ أَرَأَيْتَكَ هَٰذَا الَّذِي كَرَّمْتَ عَلَيَّ لَئِنْ أَخَّرْتَنِ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَأَحْتَنِكَنَّ ذُرِّيَّتَهُ إِلَّا قَلِيلًا
Iblis matur maneh, "Mugi Oanjenengan paring sumerep dhateng kawula (awit saking punapa) tiyang punika Panjenengan paringi kamulyan langkung saking kawula (ingkang mangka kawula punika kadadosan saking latu). Saleresipun menawi Panjenengan kersa paring wekdal dateng kawula ngantus dinten Qiyamat, tamtu kawula telasaken anak turunipun (supados kesasar) kajawi namung sekedhik ingkang kantun (ingkang Panjenengan reksa)

Choose other languages: