Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #64 Translated in Jawa

وَإِذْ قُلْنَا لَكَ إِنَّ رَبَّكَ أَحَاطَ بِالنَّاسِ ۚ وَمَا جَعَلْنَا الرُّؤْيَا الَّتِي أَرَيْنَاكَ إِلَّا فِتْنَةً لِلنَّاسِ وَالشَّجَرَةَ الْمَلْعُونَةَ فِي الْقُرْآنِ ۚ وَنُخَوِّفُهُمْ فَمَا يَزِيدُهُمْ إِلَّا طُغْيَانًا كَبِيرًا
(Muhammad) sira nyritakna nalika Ingsun dhawuh marang sira, "Satemene Kuwasa lan Waspadane Pangeranira iku nglimputi para manungsa, Lan Ingsun ora ndadekake kabeh kang dikatonake marang sira ana ing wengine Mi’raj, kajaba dadi coba tumra para manungsa, sarta Ingsun ora nyritakake kayu Zaqum kang dila’nat ana ing Qur’an, kajaba dadi pituduh (coba) uga. Lan Ingsun medeni wong-wong mau nanging ora nambahi apa-apa kejaba saya tambah lacut temenan
وَإِذْ قُلْنَا لِلْمَلَائِكَةِ اسْجُدُوا لِآدَمَ فَسَجَدُوا إِلَّا إِبْلِيسَ قَالَ أَأَسْجُدُ لِمَنْ خَلَقْتَ طِينًا
Lan nalikane Ingsun dhawuh marang para Malaikat, "Sira padha sujuda marang Adam", para Malaikat mau banjur padha ngestokake dhawuh, padha sujud marang Nabi Adam, kejaba mung Iblis, matur marang Allah, "Punapa kawula kedah sujud dhateng tuyang ingkang Panjenengan titahaken saking siti
قَالَ أَرَأَيْتَكَ هَٰذَا الَّذِي كَرَّمْتَ عَلَيَّ لَئِنْ أَخَّرْتَنِ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَأَحْتَنِكَنَّ ذُرِّيَّتَهُ إِلَّا قَلِيلًا
Iblis matur maneh, "Mugi Oanjenengan paring sumerep dhateng kawula (awit saking punapa) tiyang punika Panjenengan paringi kamulyan langkung saking kawula (ingkang mangka kawula punika kadadosan saking latu). Saleresipun menawi Panjenengan kersa paring wekdal dateng kawula ngantus dinten Qiyamat, tamtu kawula telasaken anak turunipun (supados kesasar) kajawi namung sekedhik ingkang kantun (ingkang Panjenengan reksa)
قَالَ اذْهَبْ فَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ فَإِنَّ جَهَنَّمَ جَزَاؤُكُمْ جَزَاءً مَوْفُورًا
Pangandikane Allah marang Iblis, "He Iblis, sira enggal lungaa! (Sira Ingsun srantekake tume dina Qiyamat)". Sabanjure sapa bae, manut sira (Iblis) saka anak turune Adam, satenene Jahanam iku dadi piwalesira kabeh, piwales kang sampurna
وَاسْتَفْزِزْ مَنِ اسْتَطَعْتَ مِنْهُمْ بِصَوْتِكَ وَأَجْلِبْ عَلَيْهِمْ بِخَيْلِكَ وَرَجِلِكَ وَشَارِكْهُمْ فِي الْأَمْوَالِ وَالْأَوْلَادِ وَعِدْهُمْ ۚ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطَانُ إِلَّا غُرُورًا
Lan sira ambujuka sapa bae kang bisa sira godha klawan suwaranira saka anak turune Adam, lan undangen kanca-kancanira kang manungggang lan lumaku, lan sira campura klawan dheweke ana ing bandha lan anak (bantunen ana ing dalan haram) lan sira gaweya perjanjian marang dheweke. ora ana liya janjine setan marang dheweke mung pengreka daya (cidra)

Choose other languages: