Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #14 Translated in Jawa

وَأَنَّ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ أَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا
Lan satemene wong-wong kang ora percaya ing akherat iku, Ingsun cawisi siksa kang nglarani
وَيَدْعُ الْإِنْسَانُ بِالشَّرِّ دُعَاءَهُ بِالْخَيْرِ ۖ وَكَانَ الْإِنْسَانُ عَجُولًا
Manungsa iku (menawa pinuju susah atine utawa pinuju nepsu) banjur nyuwun ala marang Allah (tumrap awake dhewe utawa bandhane) padha bae karo yen (pinuju lega lan bungah atine banjur padha nyuwun kebecikan marang Allah). Kang mengkono iku jalaran kahanane manungsa iku pancen dhemen kesusu (tanpa mikir kapriye bakal wekasane)
وَجَعَلْنَا اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ آيَتَيْنِ ۖ فَمَحَوْنَا آيَةَ اللَّيْلِ وَجَعَلْنَا آيَةَ النَّهَارِ مُبْصِرَةً لِتَبْتَغُوا فَضْلًا مِنْ رَبِّكُمْ وَلِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِينَ وَالْحِسَابَ ۚ وَكُلَّ شَيْءٍ فَصَّلْنَاهُ تَفْصِيلًا
Lan Ingsun ndadekake wengi lan rina minagka kanggo tandha yekti (kang nuduhake kuwasaningsun). Ingsun nuli ndadekake peteng iku tandha wengi lan tandha awan iku padhang supaya sira kabeh padha ngupaya kanugrahan saka ngarsane Pangeranira kabeh, lan sira supaya sumurup wilangane tahun lan etungane dina lan sasi. Lan kabeh perkara (agama sarta penguripan donyanira) yekti wis Ingsun pratelakake kanthi gamblang
وَكُلَّ إِنْسَانٍ أَلْزَمْنَاهُ طَائِرَهُ فِي عُنُقِهِ ۖ وَنُخْرِجُ لَهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ كِتَابًا يَلْقَاهُ مَنْشُورًا
Lan kabeh manungsa iku wis Ingsun gantungake kabeh amale (tetulisane ala lan becik) dhewe-dhwe ana ing gulune, lan Ingsun bakal ngetokae catetan amale ana in dina Qiyamat, dipasrahake marang dheweke tur wis kebukak
اقْرَأْ كِتَابَكَ كَفَىٰ بِنَفْسِكَ الْيَوْمَ عَلَيْكَ حَسِيبًا
(Ingsun banjur ngendika), "Wacanen kitabira (tulisan catetan amal ala lan becik ira iku) kang ngisab (ngitung lan nyekseni) sira ing dina iki, cukup awakira dhewe

Choose other languages: