Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #16 Translated in Jawa

وَجَعَلْنَا اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ آيَتَيْنِ ۖ فَمَحَوْنَا آيَةَ اللَّيْلِ وَجَعَلْنَا آيَةَ النَّهَارِ مُبْصِرَةً لِتَبْتَغُوا فَضْلًا مِنْ رَبِّكُمْ وَلِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِينَ وَالْحِسَابَ ۚ وَكُلَّ شَيْءٍ فَصَّلْنَاهُ تَفْصِيلًا
Lan Ingsun ndadekake wengi lan rina minagka kanggo tandha yekti (kang nuduhake kuwasaningsun). Ingsun nuli ndadekake peteng iku tandha wengi lan tandha awan iku padhang supaya sira kabeh padha ngupaya kanugrahan saka ngarsane Pangeranira kabeh, lan sira supaya sumurup wilangane tahun lan etungane dina lan sasi. Lan kabeh perkara (agama sarta penguripan donyanira) yekti wis Ingsun pratelakake kanthi gamblang
وَكُلَّ إِنْسَانٍ أَلْزَمْنَاهُ طَائِرَهُ فِي عُنُقِهِ ۖ وَنُخْرِجُ لَهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ كِتَابًا يَلْقَاهُ مَنْشُورًا
Lan kabeh manungsa iku wis Ingsun gantungake kabeh amale (tetulisane ala lan becik) dhewe-dhwe ana ing gulune, lan Ingsun bakal ngetokae catetan amale ana in dina Qiyamat, dipasrahake marang dheweke tur wis kebukak
اقْرَأْ كِتَابَكَ كَفَىٰ بِنَفْسِكَ الْيَوْمَ عَلَيْكَ حَسِيبًا
(Ingsun banjur ngendika), "Wacanen kitabira (tulisan catetan amal ala lan becik ira iku) kang ngisab (ngitung lan nyekseni) sira ing dina iki, cukup awakira dhewe
مَنِ اهْتَدَىٰ فَإِنَّمَا يَهْتَدِي لِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ ضَلَّ فَإِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۚ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِزْرَ أُخْرَىٰ ۗ وَمَا كُنَّا مُعَذِّبِينَ حَتَّىٰ نَبْعَثَ رَسُولًا
Sing sapa kang pikantuk pituduh bener, satemene anggone pikantuk pituduh iku migunani tumrap awake dhewe. Dene sing sapa kesasar, satemene sasare mau iya mung tumrap awake dhewe uga. Dene wong kang dosa iku ora bakal mikul dosane liyan. Lan Ingsun ora nyiksa sawijining kaum, kajaba yen Ingsun wis ngutus Utusan marang kaum mau (kang mangka Utusan mau ora diestokake dhawuhe)
وَإِذَا أَرَدْنَا أَنْ نُهْلِكَ قَرْيَةً أَمَرْنَا مُتْرَفِيهَا فَفَسَقُوا فِيهَا فَحَقَّ عَلَيْهَا الْقَوْلُ فَدَمَّرْنَاهَا تَدْمِيرًا
Menawa Ingsun wis kersa ngrusak sawijining negara, sakawite Ingsun paring dhawuh marang wong ing negara mau dalah para penggedene, wusana wong wong mau padha tumindak duraka, mopo marang prentah Ingsun, ing kono banjur tetep wajib tibaning putusan (kudu ngrusak negara iku, sarta Igsun rusak babar pisan)

Choose other languages: