Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hashr Ayahs #7 Translated in Jawa

وَلَوْلَا أَنْ كَتَبَ اللَّهُ عَلَيْهِمُ الْجَلَاءَ لَعَذَّبَهُمْ فِي الدُّنْيَا ۖ وَلَهُمْ فِي الْآخِرَةِ عَذَابُ النَّارِ
Manawa ora karana Allah wis nemtokake kelawan pesthen wong kafir mau kelakon lunga saka omahe, Allah mesthi nyiksa wong kafir mau ana donya, lan kanggo dheweke ing akherat dipatrapi siksa neraka
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ شَاقُّوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۖ وَمَنْ يُشَاقِّ اللَّهَ فَإِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Kang mangkono iku, marga wong kafir padha nyulayani Allah lan utusane. Sing sapa nyulayani Allah bakal dipatrapi siksa. Allah iku siksane abot
مَا قَطَعْتُمْ مِنْ لِينَةٍ أَوْ تَرَكْتُمُوهَا قَائِمَةً عَلَىٰ أُصُولِهَا فَبِإِذْنِ اللَّهِ وَلِيُخْزِيَ الْفَاسِقِينَ
Yen sira negor wit kurma utawa sira nengake wae isih ngadek kaya mau - maune, rong bab mau kelawan lilane Allah, anggone mangkono mau supaya wong fasik (duraka) ketok remehe
وَمَا أَفَاءَ اللَّهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ مِنْهُمْ فَمَا أَوْجَفْتُمْ عَلَيْهِ مِنْ خَيْلٍ وَلَا رِكَابٍ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يُسَلِّطُ رُسُلَهُ عَلَىٰ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Apa wae bandha rampasan kang diparingake dening Allah marang utusane saka tangane (Yahudi Bani Nadhir) kowe pra kangelan budhalake (nunggang) jaran utawa onta, nanging Allah piyambak ngunggulake utusane utawa karo wong kang dikersakake. Allah iku nguwasani kabeh barang
مَا أَفَاءَ اللَّهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ مِنْ أَهْلِ الْقُرَىٰ فَلِلَّهِ وَلِلرَّسُولِ وَلِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَابْنِ السَّبِيلِ كَيْ لَا يَكُونَ دُولَةً بَيْنَ الْأَغْنِيَاءِ مِنْكُمْ ۚ وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Dene barang kang wis diparingake bali dening Allah marang utusane saka tangane wong padesan, iku kagungane Allah, Utusane, para keluargane, para bocah yatim, para wong miskin, wong kang ana ing paran (musafir), supaya barang jarahan mau aja mung tiba ing tangane kancamu kang padha sugih wae. Samu barang kang diparengake dening Rosul tampanana. Dene barang kang ora pareng padha tinggalen. Padha bektia ing Allah, awit Allah iku siksane abot

Choose other languages: