Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #24 Translated in Jawa

يُصْهَرُ بِهِ مَا فِي بُطُونِهِمْ وَالْجُلُودُ
Wedang panas mau ngejurake jerowane para wong kafir lan matengake kulite
وَلَهُمْ مَقَامِعُ مِنْ حَدِيدٍ
Lan disediakake kanggo gebug sirahe wong - wong mau pirang - pirang godo wesi
كُلَّمَا أَرَادُوا أَنْ يَخْرُجُوا مِنْهَا مِنْ غَمٍّ أُعِيدُوا فِيهَا وَذُوقُوا عَذَابَ الْحَرِيقِ
Wong - wong kafir mau saben arep metu saka neraka, nedya ngoncati kasusahan, banjur dibalekake maneh marang telenging neraka sarta didhawuhake, "Mara rasakna siksa kang nggosongake
إِنَّ اللَّهَ يُدْخِلُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ يُحَلَّوْنَ فِيهَا مِنْ أَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَلُؤْلُؤًا ۖ وَلِبَاسُهُمْ فِيهَا حَرِيرٌ
Satemene Allah bakal nglebokake wong - wong kang iman lan wong kang nindakake kebecikan marang suwarga kang ngisorake ana bengawan mili, ana ing kono wong - wong mau dipaesi klawan gelan gemas lan mutiara. Lan panggonane wong - wong mau ana ing kono arupa sutra
وَهُدُوا إِلَى الطَّيِّبِ مِنَ الْقَوْلِ وَهُدُوا إِلَىٰ صِرَاطِ الْحَمِيدِ
Lan maneh wong - wong mau ana ing donya dituduhake marang ucapan kang becik, (yaiku ucapan, "Laa Ilaaha Illal-laah", Muhammadur Rasulullaah) lan dituduhake marang dalan kang pinuji. (Yaiku Agama Islam)

Choose other languages: