Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #26 Translated in Jawa

كُلَّمَا أَرَادُوا أَنْ يَخْرُجُوا مِنْهَا مِنْ غَمٍّ أُعِيدُوا فِيهَا وَذُوقُوا عَذَابَ الْحَرِيقِ
Wong - wong kafir mau saben arep metu saka neraka, nedya ngoncati kasusahan, banjur dibalekake maneh marang telenging neraka sarta didhawuhake, "Mara rasakna siksa kang nggosongake
إِنَّ اللَّهَ يُدْخِلُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ يُحَلَّوْنَ فِيهَا مِنْ أَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَلُؤْلُؤًا ۖ وَلِبَاسُهُمْ فِيهَا حَرِيرٌ
Satemene Allah bakal nglebokake wong - wong kang iman lan wong kang nindakake kebecikan marang suwarga kang ngisorake ana bengawan mili, ana ing kono wong - wong mau dipaesi klawan gelan gemas lan mutiara. Lan panggonane wong - wong mau ana ing kono arupa sutra
وَهُدُوا إِلَى الطَّيِّبِ مِنَ الْقَوْلِ وَهُدُوا إِلَىٰ صِرَاطِ الْحَمِيدِ
Lan maneh wong - wong mau ana ing donya dituduhake marang ucapan kang becik, (yaiku ucapan, "Laa Ilaaha Illal-laah", Muhammadur Rasulullaah) lan dituduhake marang dalan kang pinuji. (Yaiku Agama Islam)
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَيَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ وَالْمَسْجِدِ الْحَرَامِ الَّذِي جَعَلْنَاهُ لِلنَّاسِ سَوَاءً الْعَاكِفُ فِيهِ وَالْبَادِ ۚ وَمَنْ يُرِدْ فِيهِ بِإِلْحَادٍ بِظُلْمٍ نُذِقْهُ مِنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ
Satemene wong - wong kafir padha ngalang - ngalangi para manungsa saka dalane (agamane) Allah lan saka Masjidil Haram kang wis Ingsun dadekake qiblat kanggo salate para manungsa, padha uga wong kang wis muqim utawa wong kang neneka. Lan sing sapa nedya nindakake larangan klawan nganiaya ana ing Masjidil Haram iku yekti Ingsun bakal aweh rasa marang dheweke kelawan siksa kang lara
وَإِذْ بَوَّأْنَا لِإِبْرَاهِيمَ مَكَانَ الْبَيْتِ أَنْ لَا تُشْرِكْ بِي شَيْئًا وَطَهِّرْ بَيْتِيَ لِلطَّائِفِينَ وَالْقَائِمِينَ وَالرُّكَّعِ السُّجُودِ
(Muhammad) sira nyritakna nalika Ingsun dhawuh marang Nabi Ibrahim, nemtokake sawijining panggonan kang kudu dibangun (didegi) Ka’bah. Pangandikaningsun, "He Ibrahim, sira aja mangro tingal (musyrik) Sunngkemira marang Ingsun aja pisan - pisan kaworan marang liyane. Lan sira nucekna Ka’bah padalemaningsun kanggo wong kang padha Thawaf (ngubengi ka’bah) lan para wong kang muqim lan wongkang padha sholat, ruku’ lan sujud

Choose other languages: