Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hadid Ayahs #25 Translated in Jawa

سَابِقُوا إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا كَعَرْضِ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ أُعِدَّتْ لِلَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ ۚ ذَٰلِكَ فَضْلُ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ
Sira padha rebut bujunga. anggayuh pangapuraning Pangeranira, lan gayuh suwarga kang jembare padha langit lan bumi, iku disadiyakake ganjaran marang sarupane wong kang percaya lan iku kanugrahaning Allah, diparingake marang wong kang dadi pareng kersane, Allah iku kagungan kanugrahan gedhe
مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيبَةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي أَنْفُسِكُمْ إِلَّا فِي كِتَابٍ مِنْ قَبْلِ أَنْ نَبْرَأَهَا ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ
Sadhengah bebaya (kasengsaran) kang tumiba ana ing bumi utawa ing awakira, kabeh wis pinasthi tinulis ana Kitab (lauhil Mahfudz) sakdurunge Ingsun nitahake. Kang mangkono mau mungguhe Allah gampang wae
لِكَيْلَا تَأْسَوْا عَلَىٰ مَا فَاتَكُمْ وَلَا تَفْرَحُوا بِمَا آتَاكُمْ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُورٍ
Supaya sira aja padha sedih hanggetuni barang donya kang sira katilapan lan aja padha bungah nganti lali, marga katekan karepira. Allah iku ora remen wong kang gumedhe marga oleh donya akeh
الَّذِينَ يَبْخَلُونَ وَيَأْمُرُونَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ ۗ وَمَنْ يَتَوَلَّ فَإِنَّ اللَّهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيدُ
Kang padha cethil (eman - eman menehake barang kang wis wajibe kudu diwehake) lan ajak - ajak cethil marang manungsa. Dene sing sapa mogok (mewehake barang kang wajib) satemene Allah iku ora butuh marang liyane tur pantes pinuji kabecikan
لَقَدْ أَرْسَلْنَا رُسُلَنَا بِالْبَيِّنَاتِ وَأَنْزَلْنَا مَعَهُمُ الْكِتَابَ وَالْمِيزَانَ لِيَقُومَ النَّاسُ بِالْقِسْطِ ۖ وَأَنْزَلْنَا الْحَدِيدَ فِيهِ بَأْسٌ شَدِيدٌ وَمَنَافِعُ لِلنَّاسِ وَلِيَعْلَمَ اللَّهُ مَنْ يَنْصُرُهُ وَرُسُلَهُ بِالْغَيْبِ ۚ إِنَّ اللَّهَ قَوِيٌّ عَزِيزٌ
Ingsun wis ngutus utusaningsun (Rasul) kanthi maringake tandha yekti pirang - pirang, sarta maringake Kitab lan traju timbang (keadilan) supaya manungsa padha netepana bener. Apadene Ingsun nurunake wesi duwe kekuatan kang sentosa, lan akeh gunane kanggo pirantinig manungsa. Supaya Allah wuninga marang wong nulungi (agamane) lan utusane kelawan ghoib. Satemene Alah iku santosa tur Maha Mulya

Choose other languages: