Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Fath Ayahs #24 Translated in Jawa

وَعَدَكُمُ اللَّهُ مَغَانِمَ كَثِيرَةً تَأْخُذُونَهَا فَعَجَّلَ لَكُمْ هَٰذِهِ وَكَفَّ أَيْدِيَ النَّاسِ عَنْكُمْ وَلِتَكُونَ آيَةً لِلْمُؤْمِنِينَ وَيَهْدِيَكُمْ صِرَاطًا مُسْتَقِيمًا
Allah wis dhawuhake marang sira bakal oleh rampasan (jarahan) akeh, sira jupuki (saka Khaibar) nuli gelisake kelakone saiki, sarta Allah nyegah tangane manungsa kang arep ngrusuhi. Mengko iku supaya dadi tondho yekti kuasaning Allah marang Mukmin lan nuduhake dalan bener marang sira kabeh
وَأُخْرَىٰ لَمْ تَقْدِرُوا عَلَيْهَا قَدْ أَحَاطَ اللَّهُ بِهَا ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرًا
Lan sira bakal diparingi kemenangan liyane kang saiki durung sira kuasani (yaiku negara - negara liya) Allah iku nguasani samu barang
وَلَوْ قَاتَلَكُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوَلَّوُا الْأَدْبَارَ ثُمَّ لَا يَجِدُونَ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا
Upama wong kafir padha mapakake perang mesthi padha mlayu menyang buri ora ana kang bisa nulungi lan ora duwe andel - andel kang nulungi awake
سُنَّةَ اللَّهِ الَّتِي قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلُ ۖ وَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّةِ اللَّهِ تَبْدِيلًا
Allah nindakake mangkono mau, ora beda kang wis ditindakake tumrap para ummat kuna sadurunge (wong Mekkah), samu barang kang wis ditindakake Allah ora ana kang bisa ngowahi
وَهُوَ الَّذِي كَفَّ أَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْ وَأَيْدِيَكُمْ عَنْهُمْ بِبَطْنِ مَكَّةَ مِنْ بَعْدِ أَنْ أَظْفَرَكُمْ عَلَيْهِمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرًا
Allah iku kang nyegah tangane wong kafir anggone arep nglarani sira uga nyegah tanganira naggone arep nglarani wong kafir sejeroni kutha Mekkah sawise sira menang ngalahake dheweke. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni

Choose other languages: