Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #97 Translated in Jawa

وَإِذْ أَخَذْنَا مِيثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّورَ خُذُوا مَا آتَيْنَاكُمْ بِقُوَّةٍ وَاسْمَعُوا ۖ قَالُوا سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَأُشْرِبُوا فِي قُلُوبِهِمُ الْعِجْلَ بِكُفْرِهِمْ ۚ قُلْ بِئْسَمَا يَأْمُرُكُمْ بِهِ إِيمَانُكُمْ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
(He wong Yahudi) Sira padha elinga! nalikane Ingsun mudnhut sesanggemanira. Ingsun nganggo mbedhol gunung Tur, Ingsun unggahake ana ing dhuwurira. Pangandikaningsun, "Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira padha sanggemana klawan temen-temen lan padha sedikanana". Sira banjur padha matur, "Kawula sampun mireng, nanging kawula sami mopo". Wong Yahudi anggone padha kesengsem manembah sapi wis manjing ana ing ati, marga satemene padha kafir. (Muhammad) sira dhawuha, "Yen nyata sira padha percaya ing Taurat, ala temen percayamu teka akon manembah sapi marang sira
قُلْ إِنْ كَانَتْ لَكُمُ الدَّارُ الْآخِرَةُ عِنْدَ اللَّهِ خَالِصَةً مِنْ دُونِ النَّاسِ فَتَمَنَّوُا الْمَوْتَ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
(Muhammad!) sira dhawuha, "He wong Yahudi!, yen dhasar nyata terang mungguhing Allah yen kebungahan ing jaman akhirat iku mung sira dhewe kang duwe, mara padha ngarep-arepa ing pati, yen sira iku padha temen
وَلَنْ يَتَمَنَّوْهُ أَبَدًا بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيهِمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِالظَّالِمِينَ
Wong yahudi selawase mesthi ora ngarep-arep pati, awit kelingan panggawening tangane kang wis-wis. Allah iku ngudaneni wong kang padha nganiaya awake dhewe
وَلَتَجِدَنَّهُمْ أَحْرَصَ النَّاسِ عَلَىٰ حَيَاةٍ وَمِنَ الَّذِينَ أَشْرَكُوا ۚ يَوَدُّ أَحَدُهُمْ لَوْ يُعَمَّرُ أَلْفَ سَنَةٍ وَمَا هُوَ بِمُزَحْزِحِهِ مِنَ الْعَذَابِ أَنْ يُعَمَّرَ ۗ وَاللَّهُ بَصِيرٌ بِمَا يَعْمَلُونَ
Sira mesthi mangerti yen wong Yahudi iku dhemene marang urip ngungkuli manungsa kabeh, lan ngungkuli manungsa kang padha musyrik. Sawenehing wong Yahudi ana kang kepengin urip nganti umur sewu tahun, senajan umur sewu tahun pisan wong mau ora bisa nyingkiri siksane, Allah iku mriksani samu barang kang padha dilakoni wong Yahudi
قُلْ مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِجِبْرِيلَ فَإِنَّهُ نَزَّلَهُ عَلَىٰ قَلْبِكَ بِإِذْنِ اللَّهِ مُصَدِّقًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَهُدًى وَبُشْرَىٰ لِلْمُؤْمِنِينَ
(Muhammad) sira dhawuha, "Sing sapa nyatru Malaikat Jibril, satemene dheweke iku dhawuhake al-Qur’an marang aturira Muhammad, klawan idzine Allah, mbenerake surasane kitab kang ana ing tangane wong kang nyatru mau, lan dadi pituduh tur ambebungah marang para wong mukmin

Choose other languages: