Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #80 Translated in Jawa

وَإِذَا لَقُوا الَّذِينَ آمَنُوا قَالُوا آمَنَّا وَإِذَا خَلَا بَعْضُهُمْ إِلَىٰ بَعْضٍ قَالُوا أَتُحَدِّثُونَهُمْ بِمَا فَتَحَ اللَّهُ عَلَيْكُمْ لِيُحَاجُّوكُمْ بِهِ عِنْدَ رَبِّكُمْ ۚ أَفَلَا تَعْقِلُونَ
Wong Yahudi kang padha munafiq nalikane padha patemon para wong mukmin, pangucape, "Kita punika sami pitados ing Nabi Muhammad", dene yen pinuju kekumpulan, para penggedening Yahud ngucap mengkene, "Sebab dening apa sira padha amblakakake marang wong mukmin bab dhawuhing Allah marang sira supaya dienggo mbantah marang sira ana ing ngarsaning PAngeranmu. Apa sira padha ora mikir
أَوَلَا يَعْلَمُونَ أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعْلِنُونَ
Wong Yahudi apa ora padha mangerti yen Allah iku ngudhaneni samu barangkang padha disidemake dening wong Yahud lan samubarang kang dilahirake
وَمِنْهُمْ أُمِّيُّونَ لَا يَعْلَمُونَ الْكِتَابَ إِلَّا أَمَانِيَّ وَإِنْ هُمْ إِلَّا يَظُنُّونَ
Sawenehing wong Yahudi ana kang bodho, ora weruh kitab Taurat, weruhe mung certita goroh. Dadi kaweruhe Yahudi mau ora ana maneh kajaba mung kira-kira bae
فَوَيْلٌ لِلَّذِينَ يَكْتُبُونَ الْكِتَابَ بِأَيْدِيهِمْ ثُمَّ يَقُولُونَ هَٰذَا مِنْ عِنْدِ اللَّهِ لِيَشْتَرُوا بِهِ ثَمَنًا قَلِيلًا ۖ فَوَيْلٌ لَهُمْ مِمَّا كَتَبَتْ أَيْدِيهِمْ وَوَيْلٌ لَهُمْ مِمَّا يَكْسِبُونَ
Siksa kang banget iku tumrap wong kang padha nulis kitab nganggo tangane dhewe, banjur ngucap iki kitab terang saka ngersane Allah, karepe supaya payu dadi kanggo nuku barang kang sithik regane. Mulane siksa kang banget iku tumrap wong kang mengkono mau, minangkan patrapane anggone tangane padha nulis, lan siksa mau dadi minangka patraning tumindake
وَقَالُوا لَنْ تَمَسَّنَا النَّارُ إِلَّا أَيَّامًا مَعْدُودَةً ۚ قُلْ أَتَّخَذْتُمْ عِنْدَ اللَّهِ عَهْدًا فَلَنْ يُخْلِفَ اللَّهُ عَهْدَهُ ۖ أَمْ تَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Wong Yahudi Kang padha munafiq padha ngucap, "Aku mangsa kacemplunga neraka, kajaba mung sawatara dina wae." Muhammad, sira dhawuha, "Pangucapmu iku apa oleh janji saka ngarsaning Allah, apa jaragan ngucapake barang kang ora sira sumerepi, sira kandhakake saka Allah

Choose other languages: