Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #52 Translated in Jawa

وَاتَّقُوا يَوْمًا لَا تَجْزِي نَفْسٌ عَنْ نَفْسٍ شَيْئًا وَلَا يُقْبَلُ مِنْهَا شَفَاعَةٌ وَلَا يُؤْخَذُ مِنْهَا عَدْلٌ وَلَا هُمْ يُنْصَرُونَ
Lan sira padha wediya dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining awak bisa ngungkup utawa tetulung sethithik-thithika ing awak liyane, lan ora ana duwe syafa’at kang sinembadan lan ora ana awak kang ditampani tebusane para awak mau ora ana kang padha tinulung
وَإِذْ نَجَّيْنَاكُمْ مِنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَسُومُونَكُمْ سُوءَ الْعَذَابِ يُذَبِّحُونَ أَبْنَاءَكُمْ وَيَسْتَحْيُونَ نِسَاءَكُمْ ۚ وَفِي ذَٰلِكُمْ بَلَاءٌ مِنْ رَبِّكُمْ عَظِيمٌ
Lan padha elinga nalikane Ingsun nylametake ing sira kabeh saka dak-siyane balane raja Fir’aun, anggone padha nandukake siksa kang ngeres-eresi marang sira, padha nyembelehi anak-anakira kang metu lanang, lan nguripi kang metu wadon, kang mengkono iku coba gedhe saka Pangeranira
وَإِذْ فَرَقْنَا بِكُمُ الْبَحْرَ فَأَنْجَيْنَاكُمْ وَأَغْرَقْنَا آلَ فِرْعَوْنَ وَأَنْتُمْ تَنْظُرُونَ
Lan padha elinga nalikane sira padha Ingsun piyakake segara, Ingsun nuli nylametake sira, sata ngeremake para balane Fir’aun. Sira kabeh iya padha ndeleng
وَإِذْ وَاعَدْنَا مُوسَىٰ أَرْبَعِينَ لَيْلَةً ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْ بَعْدِهِ وَأَنْتُمْ ظَالِمُونَ
Lan padha elinga nalikane Ingsun nemtokake pisowane (sebane) Nabi Musa bengi lawase, sawise mangkat, sira nuli padha ngedegake (gawe) Pangeran awujud sapi, sira padha tetep wong kang nganiaya
ثُمَّ عَفَوْنَا عَنْكُمْ مِنْ بَعْدِ ذَٰلِكَ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Sawise mengkono Ingsun nulu ngapura dosanira kabeh supaya sira padha ngaturake panuwun

Choose other languages: