Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #218 Translated in Jawa

أَمْ حَسِبْتُمْ أَنْ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَأْتِكُمْ مَثَلُ الَّذِينَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ ۖ مَسَّتْهُمُ الْبَأْسَاءُ وَالضَّرَّاءُ وَزُلْزِلُوا حَتَّىٰ يَقُولَ الرَّسُولُ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ مَتَىٰ نَصْرُ اللَّهِ ۗ أَلَا إِنَّ نَصْرَ اللَّهِ قَرِيبٌ
Ya gene sira padha rumongsa bakal mlebu ing Suwarga, kang mangka sira padha ora nandhang cobaning Allah kang ngemperi coba kang disandhang ing para Mukmin sadurungira, ana kang nandhang miskin, lara. Rasul sak kancane para wong Mukmin nganti kewetu pangucape: "Besuk kapan tekane pitulungane Allah?" (Dhawuhe Allah): "Ngertiya, satemene pitulungane Allah iku cedhak
يَسْأَلُونَكَ مَاذَا يُنْفِقُونَ ۖ قُلْ مَا أَنْفَقْتُمْ مِنْ خَيْرٍ فَلِلْوَالِدَيْنِ وَالْأَقْرَبِينَ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَابْنِ السَّبِيلِ ۗ وَمَا تَفْعَلُوا مِنْ خَيْرٍ فَإِنَّ اللَّهَ بِهِ عَلِيمٌ
(Muhammad) para ummatira padha matur ing sira: "Kados pundi lampah-lampahipun tiyang badhe darmakaken bandhanipun?", sira dhawuha, "Sadhengaha kang becik kang sira darmakake iku utama, dene kang prayoga didermani iku wong tuwane loro lan sanak sedulure, lan para bocah yatim, para wong miskin, wong miskin, wong kang pinuju lelungan (kentekan sangu)". Dene sadhengah kebecikan kang padha sira tindakake, Allah ngudaneni marang kabecikan mau
كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ وَهُوَ كُرْهٌ لَكُمْ ۖ وَعَسَىٰ أَنْ تَكْرَهُوا شَيْئًا وَهُوَ خَيْرٌ لَكُمْ ۖ وَعَسَىٰ أَنْ تُحِبُّوا شَيْئًا وَهُوَ شَرٌّ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
Sira kabeh padha diwajibake mangsah perang, kang mongka perang iku tumraping sira nggethingkake lan terkadhang barang kang sira gethingi iku malah becik tumrap sira. Allah iku ngudaneni, dene sira padha ora weruh
يَسْأَلُونَكَ عَنِ الشَّهْرِ الْحَرَامِ قِتَالٍ فِيهِ ۖ قُلْ قِتَالٌ فِيهِ كَبِيرٌ ۖ وَصَدٌّ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ وَكُفْرٌ بِهِ وَالْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَإِخْرَاجُ أَهْلِهِ مِنْهُ أَكْبَرُ عِنْدَ اللَّهِ ۚ وَالْفِتْنَةُ أَكْبَرُ مِنَ الْقَتْلِ ۗ وَلَا يَزَالُونَ يُقَاتِلُونَكُمْ حَتَّىٰ يَرُدُّوكُمْ عَنْ دِينِكُمْ إِنِ اسْتَطَاعُوا ۚ وَمَنْ يَرْتَدِدْ مِنْكُمْ عَنْ دِينِهِ فَيَمُتْ وَهُوَ كَافِرٌ فَأُولَٰئِكَ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۖ وَأُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
(Muhammad) wong Islam padha matur ing Sira perkara bab perang ana ing sasi Haram. Iku sira dhawuha, "Perang ana ing sasi Haram iku dosa gedhe, dene ngalang-alangi marang wong nglakoni dadalaning Allah lan ora percaya ing Allah lan ngalang-ngalangi wong mlebu ing Masjidil-haram saka ing kono, iku mungguhing Allah luwih gedhe maneh dosane". Dene fitnah (panganiaya) iku dosane luwih gedhe tinimbang perang, wong kafir tansah merangi sira, pamrihe manawa bisa supaya sira padha murtad (balik) saka agama Islam, nuli mati kafir, wong kang mangkono iku kelakuane kang becik ilang kabeh ana ing donya lan akherat, dene wong kang mangkono mau padha kecemplung ing neraka, sarta anggone ana ing naraka padha langgeng
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَالَّذِينَ هَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ أُولَٰئِكَ يَرْجُونَ رَحْمَتَ اللَّهِ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Satemene wong mukmin lan wong kang padha pindhah (hijrah) lan kang padha mangsah perang ana ing dalane Allah, wong kang mengkono iku pmau padha nyenyadhong sihing Allah. Dene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih

Choose other languages: