Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #154 Translated in Jawa

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۚ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوا وُجُوهَكُمْ شَطْرَهُ لِئَلَّا يَكُونَ لِلنَّاسِ عَلَيْكُمْ حُجَّةٌ إِلَّا الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْهُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِي وَلِأُتِمَّ نِعْمَتِي عَلَيْكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ
Lan saka ngendi bae sira metu, mangka adhepna rahinira marang pernahing Ka’bah Masjidil-Haram, lan ana ing ngendi bae pangonanira, sira padha ngadhepna rahinira marang pernahing Ka’bah, supaya para manungsa aja nganti bisa ambantah marang sira kabeh, kajaba wong-wong (ahli Kitab) kang padha nganiaya. Sira aja padha wedi marang wong-wong mau kabeh, nanging wediya marang Ingsun, lan supaya Ingsun nyampurnakake kenikmatan marang sira kabeh, lan supaya sirakabeh padha oleh pituduh
كَمَا أَرْسَلْنَا فِيكُمْ رَسُولًا مِنْكُمْ يَتْلُو عَلَيْكُمْ آيَاتِنَا وَيُزَكِّيكُمْ وَيُعَلِّمُكُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَيُعَلِّمُكُمْ مَا لَمْ تَكُونُوا تَعْلَمُونَ
Kaya dene anggoningsun ngutus Rasul (utusan) saka golonganira, Ingsun utus andhawuhake ayatingsun marang sira kabeh, lan nyucekake lan mulang sira Kitab (Qur’an) lan kawicaksanaan, lan mulang marang sira kabeh barang kang durung sira mangerti
فَاذْكُرُونِي أَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوا لِي وَلَا تَكْفُرُونِ
Mangka sira padha elinga marang Ingsun, Ingsun iya mesthi eling marang sira kabeh. Lan supaya sira padha syukur marang Ingsun lan aja nganti kafir marang Ingsun
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
He wong kang padha Mukmin kabeh sira padha nyuwuna pitulung (marang Allah) kelawan sabar lan shalat, satemene Allah iku angantheni wong kang padha sabar
وَلَا تَقُولُوا لِمَنْ يُقْتَلُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَمْوَاتٌ ۚ بَلْ أَحْيَاءٌ وَلَٰكِنْ لَا تَشْعُرُونَ
Lan sira aja padha ngarani menawa wong kang dipateni ana ing perang Sabil iku padha mati, nanging dheweke iku padha urip, nanging sira ora padha weruh

Choose other languages: