Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #157 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
He wong kang padha Mukmin kabeh sira padha nyuwuna pitulung (marang Allah) kelawan sabar lan shalat, satemene Allah iku angantheni wong kang padha sabar
وَلَا تَقُولُوا لِمَنْ يُقْتَلُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَمْوَاتٌ ۚ بَلْ أَحْيَاءٌ وَلَٰكِنْ لَا تَشْعُرُونَ
Lan sira aja padha ngarani menawa wong kang dipateni ana ing perang Sabil iku padha mati, nanging dheweke iku padha urip, nanging sira ora padha weruh
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ ۗ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ
Satemene Ingsun mesthi nyoba ing sira kabeh kelawan karibetan sawatara saka kuwatir, lan luwe, lan kekurangan bandha, lan kelangan nyawa, lan kekurangan woh-wohan. Lan sira mbebungaha marang wong-wong kang padha sabar
الَّذِينَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ مُصِيبَةٌ قَالُوا إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ
Yaiku wong-wong kang menawa ketaman bebaya, padha ngucap: "Satemene kita kabeh iku kagunganing Allah lan kita kabeh bakal padha bali sowan marang Pangerane
أُولَٰئِكَ عَلَيْهِمْ صَلَوَاتٌ مِنْ رَبِّهِمْ وَرَحْمَةٌ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُهْتَدُونَ
Wong kang mengkono iku padha pinaringan selawat (pangapura) lan rahmat saka Pangerane, lan wong kang mengkono iku padha pikantuk pituduh

Choose other languages: