Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #160 Translated in Jawa

الَّذِينَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ مُصِيبَةٌ قَالُوا إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ
Yaiku wong-wong kang menawa ketaman bebaya, padha ngucap: "Satemene kita kabeh iku kagunganing Allah lan kita kabeh bakal padha bali sowan marang Pangerane
أُولَٰئِكَ عَلَيْهِمْ صَلَوَاتٌ مِنْ رَبِّهِمْ وَرَحْمَةٌ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُهْتَدُونَ
Wong kang mengkono iku padha pinaringan selawat (pangapura) lan rahmat saka Pangerane, lan wong kang mengkono iku padha pikantuk pituduh
إِنَّ الصَّفَا وَالْمَرْوَةَ مِنْ شَعَائِرِ اللَّهِ ۖ فَمَنْ حَجَّ الْبَيْتَ أَوِ اعْتَمَرَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِ أَنْ يَطَّوَّفَ بِهِمَا ۚ وَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَإِنَّ اللَّهَ شَاكِرٌ عَلِيمٌ
Satemene gungung Shafa lan Marwah iku klebu syi’are (tetengere) Allah. Sapa kang nindaskake Haji ing Baitullah utawa nindakake umrah, mangka ora ana pakewuhe menawa arep mide-midera antaraning gunung loro mau. Dene sing sapa nindakake kebecikan (saka karepe dhewe) satemene Allah iku kang nampa Syukur sarta Maha nguningani
إِنَّ الَّذِينَ يَكْتُمُونَ مَا أَنْزَلْنَا مِنَ الْبَيِّنَاتِ وَالْهُدَىٰ مِنْ بَعْدِ مَا بَيَّنَّاهُ لِلنَّاسِ فِي الْكِتَابِ ۙ أُولَٰئِكَ يَلْعَنُهُمُ اللَّهُ وَيَلْعَنُهُمُ اللَّاعِنُونَ
Satemene wong padha ngumpetake barang kang Ingsun turunake saka tandha yekti lan pituduh sawise Ingsun terangake marang para manungsa, ksabut ing kitab Qur’an, wong-wong mau bakal dila’nat (dibendoni) denig Allah, lan disuwunake bendu dening wong akeh
إِلَّا الَّذِينَ تَابُوا وَأَصْلَحُوا وَبَيَّنُوا فَأُولَٰئِكَ أَتُوبُ عَلَيْهِمْ ۚ وَأَنَا التَّوَّابُ الرَّحِيمُ
Kajaba wong kang banjur padha tobat, lan banjur ambecikake kelakuwane, lan nerangake barang kang diumpetake mau. Wong kang mengkono iku bakal Ingsun tampa tobate. Lan Ingsun iku rena nampa tobat sarta Maha Asih

Choose other languages: