Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #98 Translated in Jawa

وَمَا أَرْسَلْنَا فِي قَرْيَةٍ مِنْ نَبِيٍّ إِلَّا أَخَذْنَا أَهْلَهَا بِالْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ لَعَلَّهُمْ يَضَّرَّعُونَ
Lan Ingsun ora angutus sawijining Nabi ing sajroning nagara, kajaba masthi wongé Ingsun tekani kasusahan sarta kasangsaran, supaya padha adhedhépéa
ثُمَّ بَدَّلْنَا مَكَانَ السَّيِّئَةِ الْحَسَنَةَ حَتَّىٰ عَفَوْا وَقَالُوا قَدْ مَسَّ آبَاءَنَا الضَّرَّاءُ وَالسَّرَّاءُ فَأَخَذْنَاهُمْ بَغْتَةً وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ
Tumuli kang mauné kasusa- han Ingsun salini katentreman, nganti mundhak cacah jiwané sarta padha calathu: Temen kasangsaran lan karaharjan iku wus anekani bapak-bapakku. Tumuli padha Ing- sun pundhut kalawan tanpa antan- antan sarta padha ora rumasa
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Lan manawa wongé kutha- kutha iku padha angèstu sarta anjaga awaké , yekti Ingsun angengakaké nugraha- nugraha saka ing langit lan bumi marang dhèwèké, ananging dhè- wèké padha anggorohaké, mulané padha Ingsun patrapi, amarga saka pakolihing
أَفَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَىٰ أَنْ يَأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا بَيَاتًا وَهُمْ نَائِمُونَ
Apa! apa wongé kutha-kutha iku rumasa aman saka siksa- Ningsun kang anekani dhèwèké ing wayah bengi, sajroné padha turu
أَوَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَىٰ أَنْ يَأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا ضُحًى وَهُمْ يَلْعَبُونَ
Apa! apa wongé kutha-kutha rumasa aman saka siksa-Ningsun kang anekani dhèwèké ing wayah ésuk, sajroné padha dolanan

Choose other languages: