Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #57 Translated in Jawa

هَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا تَأْوِيلَهُ ۚ يَوْمَ يَأْتِي تَأْوِيلُهُ يَقُولُ الَّذِينَ نَسُوهُ مِنْ قَبْلُ قَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ فَهَلْ لَنَا مِنْ شُفَعَاءَ فَيَشْفَعُوا لَنَا أَوْ نُرَدُّ فَنَعْمَلَ غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ ۚ قَدْ خَسِرُوا أَنْفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Dhèwèké padha ngentèni apa ta, kajaba kawusanané iku? Ing dina tekaning kawusanané, para kang mauné padha anglirwakaké iku, bakal calathu: Temen wus rawuh para utusaning Pangéranku anggawa yakti; lah apa ta sameng- ko aku duwé juru-syafa’at kang banjur padha amakolèhaké marang aku? Utawa apa ta aku iki kena padha dibalèkaké, supaya aku padha anglakoni liya- né kang wis padha daklakoni? Temen dhèwèké padha amitunani jiwané dhéwé, lan sabarang gogo- rohan gawèané wus ilang saka ing awaké
إِنَّ رَبَّكُمُ اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ يُغْشِي اللَّيْلَ النَّهَارَ يَطْلُبُهُ حَثِيثًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالنُّجُومَ مُسَخَّرَاتٍ بِأَمْرِهِ ۗ أَلَا لَهُ الْخَلْقُ وَالْأَمْرُ ۗ تَبَارَكَ اللَّهُ رَبُّ الْعَالَمِينَ
Sayekti, Pangéranira iku Allah, Kang anitahaké langit-langit lan bumi ing sajroné nem mangsaa, sartab Panjenengané angasta purba wisésa ing karaton iku; Panje- nengané anutupaké wengi ing raina, kang tansah angoyak iku; lan sre- ngéngé lan rembulan sarta lintang- lintang, ginawé manut kalawan paréntah-É; sayekti dumadi lan paréntah iku ana ing Panjene- ngané; Mahabarkah Allah iku, Pangéraning ngalam kabèh
ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ
Padha nyunyuwuna Pangéra- nira kalawan adhedhépé tuwin sisidheman; sayekti Panjenengané iku ora remen marang kang padha mlangkah wates
وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا وَادْعُوهُ خَوْفًا وَطَمَعًا ۚ إِنَّ رَحْمَتَ اللَّهِ قَرِيبٌ مِنَ الْمُحْسِنِينَ
Lan aja sira padha agawé wisuna ana ing bumi sawisé olèhé didandani, lan padha nyunyuwuna ing Panjenengané kalawan wedi lan pangarep-arep; sayekti wilasa- ning Allah iku cedhak marang para kang agawé becik
وَهُوَ الَّذِي يُرْسِلُ الرِّيَاحَ بُشْرًا بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا أَقَلَّتْ سَحَابًا ثِقَالًا سُقْنَاهُ لِبَلَدٍ مَيِّتٍ فَأَنْزَلْنَا بِهِ الْمَاءَ فَأَخْرَجْنَا بِهِ مِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ ۚ كَذَٰلِكَ نُخْرِجُ الْمَوْتَىٰ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ
Lan Panjenengané iku kang angutus angin-angin anggawa war- ta becik sangareping kamurahan- É, nganti samangsa wus ang- gawa mendhung angendanu, iku Ingsun giring marang tanah kang mati; tumuli Ingsun anurunaké banyu mrono, banjur Ingsun anggo ametokaké sawarnaning wo- wohan; kaya mangkono anggon- Ingsun bakal anguripaké wong- wong mati, supaya sira padha élinga

Choose other languages: