Surah Al-Araf Ayahs #45 Translated in Jawa
لَهُمْ مِنْ جَهَنَّمَ مِهَادٌ وَمِنْ فَوْقِهِمْ غَوَاشٍ ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الظَّالِمِينَ
Dhèwèké bakal padha olèh paturon geni naraka sarta tutup saka ing sadhuwuré dhèwèké; lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun males para kang atindak dudu
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Wondéné para kang padha angèstu sarta alaku becik – Ingsun ora amomoti sawijining jiwa, kajaba sakuwawané – iku wonging patamanan; padha manggon ana ing kono
وَنَزَعْنَا مَا فِي صُدُورِهِمْ مِنْ غِلٍّ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهِمُ الْأَنْهَارُ ۖ وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ ۖ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ ۖ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Lan Ingsun angilangi saba- rang pangigit-igit kang ana ing sajroning dhadhané; kali-kaliné pa- dha mili sangisoré dhèwèké, sarta padha calathu: Sadaya pangalem- bana kagunganipun Allah, Ingkang sampun anuntun kawula dhateng punika, saha boten badhé kawula angambah margi punika manawi ta Allah botena anuntun kawula; saèstu sampun rawuh para utusanipun Pangéran kawula ambekta yakti. Lan bakal diuwuhaké marang dhèwèké, yèn iku patamanan, kang diwarisaké marang sira, amarga saka barang kang wus padha sira lakoni
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ أَصْحَابَ النَّارِ أَنْ قَدْ وَجَدْنَا مَا وَعَدَنَا رَبُّنَا حَقًّا فَهَلْ وَجَدْتُمْ مَا وَعَدَ رَبُّكُمْ حَقًّا ۖ قَالُوا نَعَمْ ۚ فَأَذَّنَ مُؤَذِّنٌ بَيْنَهُمْ أَنْ لَعْنَةُ اللَّهِ عَلَى الظَّالِمِينَ
Wong-wonging patamanan bakal padha anguwuh wong- wonging geni: Sayekti, apa saguhé Pangéranku marang aku, aku wis nemu nyata; lah apa kowé iya padha nemu nyata apa saguhé Pangéranmu? Calathuné: Iya. Tu- muli antarané dhèwèké ana juru- nguwuh anguwuh-uwuh, yèn we- welaking Allah tumiba marang para kang atindak dudu
الَّذِينَ يَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا وَهُمْ بِالْآخِرَةِ كَافِرُونَ
Yaiku kang padha angèng- gokaké awaké saka dadalaning Allah, lan padha mamrih iku bèngkonga, lan dhèwèké iku para wong kafir marang akhirat
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
