Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #39 Translated in Jawa

يَا بَنِي آدَمَ إِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ رُسُلٌ مِنْكُمْ يَقُصُّونَ عَلَيْكُمْ آيَاتِي ۙ فَمَنِ اتَّقَىٰ وَأَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
É, para turuning Adam! manawa ana utusan-utusan saka antaranira anekani sira, anyari- takaké timbalan-timbalan-Ingsun marang sira, lah, sapa sing anjaga awaké sarta atindak becik, iya ora bakal padha kataman wedi sarta ora bakal padha susah
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَاسْتَكْبَرُوا عَنْهَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun sarta padha gume- dhé maléngos saka ing kono, iki para wonging geni, bakal padha manggon ana ing kono
فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ كَذَّبَ بِآيَاتِهِ ۚ أُولَٰئِكَ يَنَالُهُمْ نَصِيبُهُمْ مِنَ الْكِتَابِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا جَاءَتْهُمْ رُسُلُنَا يَتَوَفَّوْنَهُمْ قَالُوا أَيْنَ مَا كُنْتُمْ تَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ ۖ قَالُوا ضَلُّوا عَنَّا وَشَهِدُوا عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ أَنَّهُمْ كَانُوا كَافِرِينَ
Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawé-gawé goroh ditibak-aké marang Allah utawa anggoroh-aké marang timbalan-timbalan-É? Iki pandumé Kitab bakal tumeka dhèwèké, nganti samangsa para utusan-Ingsun anekani dhèwèké arep agawé patiné padha calathu: Endi ta barang saliyané Allah kang adaté padha sira uwuh-uwuh? Bakal padha acalathu: Sami ical angoncati kawula; sarta dhèwèké bakal padha aneksèni marang awaké dhéwé, yèn dhèwèké iku para wong kafir
قَالَ ادْخُلُوا فِي أُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِكُمْ مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ فِي النَّارِ ۖ كُلَّمَا دَخَلَتْ أُمَّةٌ لَعَنَتْ أُخْتَهَا ۖ حَتَّىٰ إِذَا ادَّارَكُوا فِيهَا جَمِيعًا قَالَتْ أُخْرَاهُمْ لِأُولَاهُمْ رَبَّنَا هَٰؤُلَاءِ أَضَلُّونَا فَآتِهِمْ عَذَابًا ضِعْفًا مِنَ النَّارِ ۖ قَالَ لِكُلٍّ ضِعْفٌ وَلَٰكِنْ لَا تَعْلَمُونَ
Panjenengané angandika: Pa- dha malebua ing geni gumolong para umat kang wus kaliwat ing sadurungira, yaiki jin lan para manusa; saben-saben umat sawiji malebu, saduluré ambendoni, nganti nalikané wis padha tumeka ing jeroné kabèh, kang kèri angunjukaké kang dhingin. Pangéran kawula! Punika sami anasaraken kawula; milanipun mugi Tuwan amaringi siksa latu atitikelan dhateng piyambakipun. Pangandikané: Siji-sijiné bakal oléh tikel, ananging kowé ora padha weruh
وَقَالَتْ أُولَاهُمْ لِأُخْرَاهُمْ فَمَا كَانَ لَكُمْ عَلَيْنَا مِنْ فَضْلٍ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْسِبُونَ
Lan kang dhingin acalathu marang kang kari: Kowé ora luwih becik sathithik-thithika tinimbang aku, mulané padha angrasakna siksané, amarga saka barang kang wis padha kolakoni

Choose other languages: