Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #26 Translated in Jawa

فَدَلَّاهُمَا بِغُرُورٍ ۚ فَلَمَّا ذَاقَا الشَّجَرَةَ بَدَتْ لَهُمَا سَوْآتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفَانِ عَلَيْهِمَا مِنْ وَرَقِ الْجَنَّةِ ۖ وَنَادَاهُمَا رَبُّهُمَا أَلَمْ أَنْهَكُمَا عَنْ تِلْكُمَا الشَّجَرَةِ وَأَقُلْ لَكُمَا إِنَّ الشَّيْطَانَ لَكُمَا عَدُوٌّ مُبِينٌ
Tumuli dhèwèké anibakaké sakaroné kalawan apus; lah bareng sakaroné wus angrasakaké wit iku, krentegé ala cumetha tumrap saka- roné, sarta sakaroné banjur wiwit anutupi awaké kalawan gogodho- nganing taman; sarta Pangérané anguwuh sakaroné: Apa Aku ora wus anglarangi sira sakaloron ing wit iki lan apa Aku ora wus angan- dika marang sira sakaloron, yèn sétan iku sayekti mungsuhira kang tétéla
قَالَا رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Sakaroné padha munjuk: Pa- ngéran kawula! Kawula sampun sami anganiaya jiwa kawula pi- yambak, lan manawi Tuwan boten angapunten ing kawula sarta amelasi kawula, saèstu kawula badhé dados éwonipun ingkang sami kapitunan
قَالَ اهْبِطُوا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۖ وَلَكُمْ فِي الْأَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَمَتَاعٌ إِلَىٰ حِينٍ
Pangandikané: Padha lungaa, sawenèhira mungsuh ing sawe- nèhé, lan ana ing bumi sira padha olèh papan sarta pasadhiyan nganti sawatara mangsa
قَالَ فِيهَا تَحْيَوْنَ وَفِيهَا تَمُوتُونَ وَمِنْهَا تُخْرَجُونَ
Pangandikané: Ana ing kono uripira lan ana ing kono bakal mati- nira lan saka ing kono anggonira bakal padha diwetokaké
يَا بَنِي آدَمَ قَدْ أَنْزَلْنَا عَلَيْكُمْ لِبَاسًا يُوَارِي سَوْآتِكُمْ وَرِيشًا ۖ وَلِبَاسُ التَّقْوَىٰ ذَٰلِكَ خَيْرٌ ۚ ذَٰلِكَ مِنْ آيَاتِ اللَّهِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ
É, turuning Adam! temen Ingsun wus anurunaké sandhangan marang sira, kanggo nutupi wawa- dinira sarta minangka papaès; lan sandhangan panang- gulanging ala, iki kang luwih becik. Iki kalebu timbalan- timbalaning Allah, supaya dhè- wèké padha angalap éling

Choose other languages: