Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #188 Translated in Jawa

أَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوا ۗ مَا بِصَاحِبِهِمْ مِنْ جِنَّةٍ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا نَذِيرٌ مُبِينٌ
Apa ta dhèwèké ora padha mikir-mikir, yèn mitrané iku ora lara èngetan: dhèwèké iku ora liya kajaba juru-pépéling kang terang
أَوَلَمْ يَنْظُرُوا فِي مَلَكُوتِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا خَلَقَ اللَّهُ مِنْ شَيْءٍ وَأَنْ عَسَىٰ أَنْ يَكُونَ قَدِ اقْتَرَبَ أَجَلُهُمْ ۖ فَبِأَيِّ حَدِيثٍ بَعْدَهُ يُؤْمِنُونَ
Apa ta ora padha angawas- aké karatoning langit-langit lan bumi sarta barang apa baé kang wis katitahaké déning Allah, lan mbok manawa kena uga karusa- kané wis cedhak; lah undhang apa sing dhèwèké padha angestokaké sawisé iku
مَنْ يُضْلِلِ اللَّهُ فَلَا هَادِيَ لَهُ ۚ وَيَذَرُهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ
Sapa sing disasaraké déning Allaha dhèwèké ya ora dhuwé panuntun, sarta Panjenengané angetogaké dhèwèké ing dalem pandaluyané kalawan padha bi- ngung mak-makan
يَسْأَلُونَكَ عَنِ السَّاعَةِ أَيَّانَ مُرْسَاهَا ۖ قُلْ إِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ رَبِّي ۖ لَا يُجَلِّيهَا لِوَقْتِهَا إِلَّا هُوَ ۚ ثَقُلَتْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ لَا تَأْتِيكُمْ إِلَّا بَغْتَةً ۗ يَسْأَلُونَكَ كَأَنَّكَ حَفِيٌّ عَنْهَا ۖ قُلْ إِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ اللَّهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Dhèwèké padha takon ma- rang sira prakara wayahé kapan bakal kalakoné? Calathua: Kawruh prakara iku mung dumunung ing Pangéranku; iku ora ana kang bakal ambuka ing waktuné kajaba Panjenengané; bakal abot sang- gané ing langit-langit lan bumi; ora bakal anekani sira kajaba kalawan ngegèt. Dhèwèké padha takon marang sira, kaya-kaya sira iku marang sira, kaya-kaya sira iku mrihatinaké prakara iku. Calathua: Kawruh prakara iku mung dumu- nung ing Allah, nanging kèh- kèhané manusa padha ora weruh
قُلْ لَا أَمْلِكُ لِنَفْسِي نَفْعًا وَلَا ضَرًّا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۚ وَلَوْ كُنْتُ أَعْلَمُ الْغَيْبَ لَاسْتَكْثَرْتُ مِنَ الْخَيْرِ وَمَا مَسَّنِيَ السُّوءُ ۚ إِنْ أَنَا إِلَّا نَذِيرٌ وَبَشِيرٌ لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ
Calathua: Aku iki ora angu- wasani paédah lan ora pituna tumrap jiwaku dhéwé, kajaba apa sing Allah angarsakaké; lan saupama aku iki weruha kang ora katon, sayekti aku wis anga- kèh-akèhaké kabecikan lan ora bakal ala anggepok aku; aku iki ora liya mung juru-pépéling sarta juru-martani becik tumrap para wong-wong kang padha angèstu

Choose other languages: