Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #157 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ عَمِلُوا السَّيِّئَاتِ ثُمَّ تَابُوا مِنْ بَعْدِهَا وَآمَنُوا إِنَّ رَبَّكَ مِنْ بَعْدِهَا لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan para kang padha ang- lakoni panggawé ala, tumuli ing sawisé iku padha kaduwung sarta padha angèstu, sayekti, sawisé iku, Pangéranira tuhu Aparamarta, Mahaasih
وَلَمَّا سَكَتَ عَنْ مُوسَى الْغَضَبُ أَخَذَ الْأَلْوَاحَ ۖ وَفِي نُسْخَتِهَا هُدًى وَرَحْمَةٌ لِلَّذِينَ هُمْ لِرَبِّهِمْ يَرْهَبُونَ
Lan bareng benduné Musa wus andhèh, dhèwèké anjupuk blèbèkan-blèbèkané iku, lan ing dalem tulisé kono ana tuntunan sarta wilasa tumrap para kang padha wedi marang Pangérané
وَاخْتَارَ مُوسَىٰ قَوْمَهُ سَبْعِينَ رَجُلًا لِمِيقَاتِنَا ۖ فَلَمَّا أَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ قَالَ رَبِّ لَوْ شِئْتَ أَهْلَكْتَهُمْ مِنْ قَبْلُ وَإِيَّايَ ۖ أَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ السُّفَهَاءُ مِنَّا ۖ إِنْ هِيَ إِلَّا فِتْنَتُكَ تُضِلُّ بِهَا مَنْ تَشَاءُ وَتَهْدِي مَنْ تَشَاءُ ۖ أَنْتَ وَلِيُّنَا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا ۖ وَأَنْتَ خَيْرُ الْغَافِرِينَ
Lan Musa wus milih wongé, wong lanang pitungpuluh, tumrap waktu kang wus Ingsun tamtokaké; lah bareng lindhu anempuh dhèwèké,a dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! Upami Tuwan angarsakna, piyambakipun sampun sami Tuwan lebur ing sadèrèng-dèrèngipun sarta kawula : Punapa Tuwan badhé anglebur ing kawula sami jalaran saking pandamelipun para titiyang cubluk panunggilan kawu- la? Punika boten sanès kajawi panglèlèr Tuwan; punika Tuwan anggé anasaraken sintena ingkang Tuwan karsakakena saha anuntun sintena ingkang Tuwan karsak- aken; Tuwan punika pangayoman kawula; milanipun mugi Tuwan angapunten ing kawula saha ame- lasi kawula, saha Tuwan punika saé-saénipun para ingkang sami ngapunten
وَاكْتُبْ لَنَا فِي هَٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ إِنَّا هُدْنَا إِلَيْكَ ۚ قَالَ عَذَابِي أُصِيبُ بِهِ مَنْ أَشَاءُ ۖ وَرَحْمَتِي وَسِعَتْ كُلَّ شَيْءٍ ۚ فَسَأَكْتُبُهَا لِلَّذِينَ يَتَّقُونَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَالَّذِينَ هُمْ بِآيَاتِنَا يُؤْمِنُونَ
Saha mugi Tuwan amasthi ing kawula kasaénan ing dalem donya punika saha ing dalem akhirat, saèstu kawula sami wang- sul dhateng Tuwan. Pangandikané: Siksa-Ningsun Ingsun kenakaké sapa kang Ingsun karsakaké, lan wilasa-Ningsun anglimputi samu- barang; mulané iku bakal Ingsun pasthi tumrap para kang padha anjaga dhiri sarta padha awèh zakat tuwin padha angèstu marang timbalan-timba- lan-Ingsun. A
الَّذِينَ يَتَّبِعُونَ الرَّسُولَ النَّبِيَّ الْأُمِّيَّ الَّذِي يَجِدُونَهُ مَكْتُوبًا عِنْدَهُمْ فِي التَّوْرَاةِ وَالْإِنْجِيلِ يَأْمُرُهُمْ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَاهُمْ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُحِلُّ لَهُمُ الطَّيِّبَاتِ وَيُحَرِّمُ عَلَيْهِمُ الْخَبَائِثَ وَيَضَعُ عَنْهُمْ إِصْرَهُمْ وَالْأَغْلَالَ الَّتِي كَانَتْ عَلَيْهِمْ ۚ فَالَّذِينَ آمَنُوا بِهِ وَعَزَّرُوهُ وَنَصَرُوهُ وَاتَّبَعُوا النُّورَ الَّذِي أُنْزِلَ مَعَهُ ۙ أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Para kang padha manut Utusan, Nabi, kang ummi, kang dhèwèké padha nemu pan- jenengané tinulis ing dalem Taurat lan Injil kang ana ing dhèwèké, maréntahi dhèwèké marang becik sarta menging dhèwèké saka ing ala, lan angenakaké barang kang apik-apik tuwin anglarangi barang kang jember-jember ma- rang dhèwèké, tuwin angilangaké momotané saka ing awaké apa déné balenggu kang tumrap ma- rang dhèwèké; mulané para kang padha angèstu ing panjenengané lan angajèni panjenengané tuwin amitulungi panjenengané, apa déné padha manut papadhang kang katurunaké kaampil panjenengané, iki para kang padha begja

Choose other languages: