Surah Al-Araf Ayahs #156 Translated in Jawa
إِنَّ الَّذِينَ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ سَيَنَالُهُمْ غَضَبٌ مِنْ رَبِّهِمْ وَذِلَّةٌ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُفْتَرِينَ
Sayekti, para kang padha ngalap pedhèt , bebendu saka Pangérané bakal anekani dhèwèké mangkono uga asoré ing dalem kauripan donya, lan kaya mangkono iku anggon Ingsun males para kang padha agawé-gawé goroh
وَالَّذِينَ عَمِلُوا السَّيِّئَاتِ ثُمَّ تَابُوا مِنْ بَعْدِهَا وَآمَنُوا إِنَّ رَبَّكَ مِنْ بَعْدِهَا لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan para kang padha ang- lakoni panggawé ala, tumuli ing sawisé iku padha kaduwung sarta padha angèstu, sayekti, sawisé iku, Pangéranira tuhu Aparamarta, Mahaasih
وَلَمَّا سَكَتَ عَنْ مُوسَى الْغَضَبُ أَخَذَ الْأَلْوَاحَ ۖ وَفِي نُسْخَتِهَا هُدًى وَرَحْمَةٌ لِلَّذِينَ هُمْ لِرَبِّهِمْ يَرْهَبُونَ
Lan bareng benduné Musa wus andhèh, dhèwèké anjupuk blèbèkan-blèbèkané iku, lan ing dalem tulisé kono ana tuntunan sarta wilasa tumrap para kang padha wedi marang Pangérané
وَاخْتَارَ مُوسَىٰ قَوْمَهُ سَبْعِينَ رَجُلًا لِمِيقَاتِنَا ۖ فَلَمَّا أَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ قَالَ رَبِّ لَوْ شِئْتَ أَهْلَكْتَهُمْ مِنْ قَبْلُ وَإِيَّايَ ۖ أَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ السُّفَهَاءُ مِنَّا ۖ إِنْ هِيَ إِلَّا فِتْنَتُكَ تُضِلُّ بِهَا مَنْ تَشَاءُ وَتَهْدِي مَنْ تَشَاءُ ۖ أَنْتَ وَلِيُّنَا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا ۖ وَأَنْتَ خَيْرُ الْغَافِرِينَ
Lan Musa wus milih wongé, wong lanang pitungpuluh, tumrap waktu kang wus Ingsun tamtokaké; lah bareng lindhu anempuh dhèwèké,a dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! Upami Tuwan angarsakna, piyambakipun sampun sami Tuwan lebur ing sadèrèng-dèrèngipun sarta kawula : Punapa Tuwan badhé anglebur ing kawula sami jalaran saking pandamelipun para titiyang cubluk panunggilan kawu- la? Punika boten sanès kajawi panglèlèr Tuwan; punika Tuwan anggé anasaraken sintena ingkang Tuwan karsakakena saha anuntun sintena ingkang Tuwan karsak- aken; Tuwan punika pangayoman kawula; milanipun mugi Tuwan angapunten ing kawula saha ame- lasi kawula, saha Tuwan punika saé-saénipun para ingkang sami ngapunten
وَاكْتُبْ لَنَا فِي هَٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ إِنَّا هُدْنَا إِلَيْكَ ۚ قَالَ عَذَابِي أُصِيبُ بِهِ مَنْ أَشَاءُ ۖ وَرَحْمَتِي وَسِعَتْ كُلَّ شَيْءٍ ۚ فَسَأَكْتُبُهَا لِلَّذِينَ يَتَّقُونَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَالَّذِينَ هُمْ بِآيَاتِنَا يُؤْمِنُونَ
Saha mugi Tuwan amasthi ing kawula kasaénan ing dalem donya punika saha ing dalem akhirat, saèstu kawula sami wang- sul dhateng Tuwan. Pangandikané: Siksa-Ningsun Ingsun kenakaké sapa kang Ingsun karsakaké, lan wilasa-Ningsun anglimputi samu- barang; mulané iku bakal Ingsun pasthi tumrap para kang padha anjaga dhiri sarta padha awèh zakat tuwin padha angèstu marang timbalan-timba- lan-Ingsun. A
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
