Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #153 Translated in Jawa

وَلَمَّا سُقِطَ فِي أَيْدِيهِمْ وَرَأَوْا أَنَّهُمْ قَدْ ضَلُّوا قَالُوا لَئِنْ لَمْ يَرْحَمْنَا رَبُّنَا وَيَغْفِرْ لَنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Lan bareng dhèwèké wis padha kaduwung sarta weruh, yèn awaké temen padha sasar, padha calathu: saupama Pangéran- ku ora welas marang aku sarta ora angapura marang aku, amasthi aku iki bakal padha dadi éwoné wong kang padha kapitunan
وَلَمَّا رَجَعَ مُوسَىٰ إِلَىٰ قَوْمِهِ غَضْبَانَ أَسِفًا قَالَ بِئْسَمَا خَلَفْتُمُونِي مِنْ بَعْدِي ۖ أَعَجِلْتُمْ أَمْرَ رَبِّكُمْ ۖ وَأَلْقَى الْأَلْوَاحَ وَأَخَذَ بِرَأْسِ أَخِيهِ يَجُرُّهُ إِلَيْهِ ۚ قَالَ ابْنَ أُمَّ إِنَّ الْقَوْمَ اسْتَضْعَفُونِي وَكَادُوا يَقْتُلُونَنِي فَلَا تُشْمِتْ بِيَ الْأَعْدَاءَ وَلَا تَجْعَلْنِي مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Lan bareng Musa wis bali marang wong-wongé, anawung bendu lan prihatén banget, acala- thu: Ala barang kang kotindakaké ing sapungkurku: apa kowé ange- mohi paréntahé Pangéranmu? Dhèwèké ambanting blèbèkan- blèbèkané sarta anyandhak sirahé saduluré, dicènèng marang awaké. Calathuné: Putra lanangé si ibu! Sayekti wong-wong iku padha angapesaké aku, mèh baé padha matèni aku; mulané aja kowé ambungahaké mungsuh- mungsuh asarana aku sarta aja kowé anganggep aku éwoné wong- wong atindak dudu
قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِي وَلِأَخِي وَأَدْخِلْنَا فِي رَحْمَتِكَ ۖ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ
Dhèwèké munjuk: Pangé- ran kawula! Mugi Tuwan aparing pangapuntena dhateng kawula sarta dhateng sadhèrèk kawula, saha mugi kawula sami Tuwan lebetaken ing wilasa Tuwan, saha Tuwan punika Asih-asihipun para ingkang sami ambek asih
إِنَّ الَّذِينَ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ سَيَنَالُهُمْ غَضَبٌ مِنْ رَبِّهِمْ وَذِلَّةٌ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُفْتَرِينَ
Sayekti, para kang padha ngalap pedhèt , bebendu saka Pangérané bakal anekani dhèwèké mangkono uga asoré ing dalem kauripan donya, lan kaya mangkono iku anggon Ingsun males para kang padha agawé-gawé goroh
وَالَّذِينَ عَمِلُوا السَّيِّئَاتِ ثُمَّ تَابُوا مِنْ بَعْدِهَا وَآمَنُوا إِنَّ رَبَّكَ مِنْ بَعْدِهَا لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan para kang padha ang- lakoni panggawé ala, tumuli ing sawisé iku padha kaduwung sarta padha angèstu, sayekti, sawisé iku, Pangéranira tuhu Aparamarta, Mahaasih

Choose other languages: