Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #128 Translated in Jawa

لَأُقَطِّعَنَّ أَيْدِيَكُمْ وَأَرْجُلَكُمْ مِنْ خِلَافٍ ثُمَّ لَأُصَلِّبَنَّكُمْ أَجْمَعِينَ
Sayekti aku bakal padha angethok tangan-tanganmu lan sikil-sikilmu seling sisih, tumuli temen bakal padha dak penthèng kabèh
قَالُوا إِنَّا إِلَىٰ رَبِّنَا مُنْقَلِبُونَ
Dhèwèké padha calathu: Saèstu, dhateng Pangéran kawula anggèn kawula sami badhé wangsul
وَمَا تَنْقِمُ مِنَّا إِلَّا أَنْ آمَنَّا بِآيَاتِ رَبِّنَا لَمَّا جَاءَتْنَا ۚ رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَتَوَفَّنَا مُسْلِمِينَ
Saha Panjenengan boten ba- dhé anandukaken wawales, kajawi amargi anggèn kula sami angèstu ing timbalan-timbalanipun Pangé- ran kula nalika sami dumugi ing kula: Pangéran kawula! Mugi Tuwan anjawahaken kasabaran dhateng kawula saha mugi Tuwan andadosaken pejah kawula suma- rah
وَقَالَ الْمَلَأُ مِنْ قَوْمِ فِرْعَوْنَ أَتَذَرُ مُوسَىٰ وَقَوْمَهُ لِيُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ وَيَذَرَكَ وَآلِهَتَكَ ۚ قَالَ سَنُقَتِّلُ أَبْنَاءَهُمْ وَنَسْتَحْيِي نِسَاءَهُمْ وَإِنَّا فَوْقَهُمْ قَاهِرُونَ
Lan para gedhéné wongé Fir’aun calathu: Punapa Panjene- ngan kèndelaken kémawon Musa dalah titiyangipun sami adamel wisuna ing bumi saha anilar Pan- jenengan sarta sesembahan Panje- nengan? Calathuné: Aku bakal matèni anak-anaké lanang sarta anguripi para wadoné, lan sayekti aku iki kang murba-wisésa marang dhèwèké
قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ اسْتَعِينُوا بِاللَّهِ وَاصْبِرُوا ۖ إِنَّ الْأَرْضَ لِلَّهِ يُورِثُهَا مَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۖ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِينَ
Musa acalathu marang wongé: Padha nyuwuna pitulung ing Allah sarta padha disabar: sayekti bumi iku kagungané Allah; iku Panjenengané amarisaké ma- rang kawula-Né, sapa kang dadi kapareng-É, lan wekasan iku kadarbé para kang anjaga dhiriné

Choose other languages: