Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #14 Translated in Jawa

وَلَقَدْ مَكَّنَّاكُمْ فِي الْأَرْضِ وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيهَا مَعَايِشَ ۗ قَلِيلًا مَا تَشْكُرُونَ
Lan sayekti temen Ingsun anetepaké sira ana ing bumi, sarta ing kono Ingsun andadèkaké panguripan tumrap ing sira; sathi- thik temen anggonira padha atur panuwun
وَلَقَدْ خَلَقْنَاكُمْ ثُمَّ صَوَّرْنَاكُمْ ثُمَّ قُلْنَا لِلْمَلَائِكَةِ اسْجُدُوا لِآدَمَ فَسَجَدُوا إِلَّا إِبْلِيسَ لَمْ يَكُنْ مِنَ السَّاجِدِينَ
Lan sayekti temen Ingsun ani- tahaké sira, tumuli Ingsun amangun sira, banjur Ingsun angandika ma- rang para malaikat: Padha sujuda marang Adam.a Mulané banjur pa- dha sujud, kajaba Iblis;b dhèwèké iku ora kagolong para kang padha sujud
قَالَ مَا مَنَعَكَ أَلَّا تَسْجُدَ إِذْ أَمَرْتُكَ ۖ قَالَ أَنَا خَيْرٌ مِنْهُ خَلَقْتَنِي مِنْ نَارٍ وَخَلَقْتَهُ مِنْ طِينٍ
Panjenengané angandika: Apa ta kang angalang-alangi sira, déné sira ora sujud nalikané aku marén- tahi sira? Unjuké: Kula langkung saé tinimbang piyambakipun: Tu- wan andadosaken kula saking latu, sarta Tuwan andadosaken piyam- bakipun saking lebu
قَالَ فَاهْبِطْ مِنْهَا فَمَا يَكُونُ لَكَ أَنْ تَتَكَبَّرَ فِيهَا فَاخْرُجْ إِنَّكَ مِنَ الصَّاغِرِينَ
Panjenengané ngandika: Lah, lungaa saka ing kono amarga ora mungguh tumrapé sira, yèn ta gumedhéa ana ing kono, mulané metua; sayekti sira iku golongané kang padha asor
قَالَ أَنْظِرْنِي إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ
Unjuké: Mugi kula Tuwan paringi sumené dumugi ing din- tenipun titiyang sami dipun tangèkaken

Choose other languages: