Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #108 Translated in Jawa

وَقَالَ مُوسَىٰ يَا فِرْعَوْنُ إِنِّي رَسُولٌ مِنْ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Lan Musa acalathu: Dhuh, Fir’aun! saèstu kula punika utusan saking Pangéraning ngalam sadaya
حَقِيقٌ عَلَىٰ أَنْ لَا أَقُولَ عَلَى اللَّهِ إِلَّا الْحَقَّ ۚ قَدْ جِئْتُكُمْ بِبَيِّنَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ فَأَرْسِلْ مَعِيَ بَنِي إِسْرَائِيلَ
layak boten angucapaken punapa-punapa ing atasing Allah, kajawi ingkang nya- ta: saèstu kula andhatengi paduka kalayan bukti saking Pangéran paduka; milanipun para turuning Israil sami kadhawuhana anyartani kula
قَالَ إِنْ كُنْتَ جِئْتَ بِآيَةٍ فَأْتِ بِهَا إِنْ كُنْتَ مِنَ الصَّادِقِينَ
Calathuné: Manawa teka- nira kalawan tandha, lah coba iku tekakna, manawa sira iku éwoning para wong temen
فَأَلْقَىٰ عَصَاهُ فَإِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُبِينٌ
Mulané dhèwèké banjur anguncalaké tekené, lah padha sakala, iku terang ula
وَنَزَعَ يَدَهُ فَإِذَا هِيَ بَيْضَاءُ لِلنَّاظِرِينَ
Lan dhèwèké andudut tanga- né, lah padha sakala, iku putih tu- mrap para kang padha andeleng

Choose other languages: