Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #111 Translated in Jawa

فَأَلْقَىٰ عَصَاهُ فَإِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُبِينٌ
Mulané dhèwèké banjur anguncalaké tekené, lah padha sakala, iku terang ula
وَنَزَعَ يَدَهُ فَإِذَا هِيَ بَيْضَاءُ لِلنَّاظِرِينَ
Lan dhèwèké andudut tanga- né, lah padha sakala, iku putih tu- mrap para kang padha andeleng
قَالَ الْمَلَأُ مِنْ قَوْمِ فِرْعَوْنَ إِنَّ هَٰذَا لَسَاحِرٌ عَلِيمٌ
Para panggedhéné wongé Fir’aun acalathu: Sayekti iki ahli kemayan kang sugih kawruh
يُرِيدُ أَنْ يُخْرِجَكُمْ مِنْ أَرْضِكُمْ ۖ فَمَاذَا تَأْمُرُونَ
Karepé arep angetokaké kowé saka ing nagaramu; mulané padha kapriyé rembugmu
قَالُوا أَرْجِهْ وَأَخَاهُ وَأَرْسِلْ فِي الْمَدَائِنِ حَاشِرِينَ
Dhèwèké padha calathu: Piyambakipun mugi kadhawuhan angentosi, sarta mugi paduka kaparenga utusan para juru-angem- palaken ing kitha-kitha

Choose other languages: