Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Ankabut Ayahs #34 Translated in Jawa

قَالَ رَبِّ انْصُرْنِي عَلَى الْقَوْمِ الْمُفْسِدِينَ
Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi maringi pitulungan dhumateng kawula, ngawonaken para tiyang ingkang sami damel kerisakan punika". (Para umate Nabi Luth banjur dituruni udan watu sarta diwalik bumine)
وَلَمَّا جَاءَتْ رُسُلُنَا إِبْرَاهِيمَ بِالْبُشْرَىٰ قَالُوا إِنَّا مُهْلِكُو أَهْلِ هَٰذِهِ الْقَرْيَةِ ۖ إِنَّ أَهْلَهَا كَانُوا ظَالِمِينَ
Para malaikat utusaningsun (sadurunge numpes para umate Nabi Luth) teka ing daleme Ibrahim, paring khabar marang panjenengane, (menawa bakal kaparingan putra lanang). Kajaba iku para Malaikat matur mengkene, "Kita punika badhe numpes para tiyang ing Sadzum (Sodom), umatipun Luth, awit piyambake sami nganiaya, duraka kafir
قَالَ إِنَّ فِيهَا لُوطًا ۚ قَالُوا نَحْنُ أَعْلَمُ بِمَنْ فِيهَا ۖ لَنُنَجِّيَنَّهُ وَأَهْلَهُ إِلَّا امْرَأَتَهُ كَانَتْ مِنَ الْغَابِرِينَ
Ibrahim matur marang Malaikat utusan mau, "Ing Sadzum(Sodom) punika wonten tiyangipun sae, inggih punika Luth". Malaikat mangsuli, "Kita sampun sumerap para tiyang sae ingkang sami wonten ing Sodom (Sadzum). Luth dalah para pendherekipun temtu kita wilujengaken, namung semahipun Luth, sarehne piyambakipun ngrojongi tiyang awon, mila pinasthi tumut katumpes
وَلَمَّا أَنْ جَاءَتْ رُسُلُنَا لُوطًا سِيءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَقَالُوا لَا تَخَفْ وَلَا تَحْزَنْ ۖ إِنَّا مُنَجُّوكَ وَأَهْلَكَ إِلَّا امْرَأَتَكَ كَانَتْ مِنَ الْغَابِرِينَ
Para Malaikat utusaningsun mau bareng wis teka ing daleme Luth, dheweke sedhih lan bingung (amarga katemunan wong - wong bagus, kuwatir ora wurung digrejeg dicumbaana ing para umate). Ature, "Dhuhu Luth, panjenengan dalah pandherek panjenengan, kita wilujengaken, namung garwa panjenengan, punika pinasthi kantun, tumut katumpes". (awit piyambakipun ngrodjongi tiyang awon)
إِنَّا مُنْزِلُونَ عَلَىٰ أَهْلِ هَٰذِهِ الْقَرْيَةِ رِجْزًا مِنَ السَّمَاءِ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
(Sapunika panjenengan kula aturi sumingkir tebih saking mriki), kita lajeng nurunaken siksa (jawah sela) saking langit, dhateng para tiyang Sadzum (Sodom) punika (sarta lajeng kita walik buminipun), amargi anggenipun sami duraka

Choose other languages: