Surah Al-Ankabut Ayahs #17 Translated in Jawa
وَلَيَحْمِلُنَّ أَثْقَالَهُمْ وَأَثْقَالًا مَعَ أَثْقَالِهِمْ ۖ وَلَيُسْأَلُنَّ يَوْمَ الْقِيَامَةِ عَمَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Lan yekti wong kafir bakal mikul dosa kang ditindakake dhewe anggone kafir, lan dosa anggone nasarake dosa. Ing besuk dina Qiyamat, bakal padha didangu anggone padha gawe - gawe
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ فَلَبِثَ فِيهِمْ أَلْفَ سَنَةٍ إِلَّا خَمْسِينَ عَامًا فَأَخَذَهُمُ الطُّوفَانُ وَهُمْ ظَالِمُونَ
Lan yekti temen Ingsun wis ngutus Nuh, nuduhake manungsa para umate. Nuh anggone nerang - nerangake para ummate mau tansah dipadone bae. Bareng wis cetha para umate padha maido, banjur tinumpes sarana dikeleming banyu banjir Thufan, kabeh padha mati kafir
فَأَنْجَيْنَاهُ وَأَصْحَابَ السَّفِينَةِ وَجَعَلْنَاهَا آيَةً لِلْعَالَمِينَ
Nuh sakancane kang padha ana perahu, padha Ingsun paringi selamet, ora melu tumpes. Perahune Nuh Ingsun dadekake lupira lan tandha yekti dening wong sangalam kabeh. (Perahu mahu ngangrang ana pucuking gungung nganti pirang - pirang tahun lawase)
وَإِبْرَاهِيمَ إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاتَّقُوهُ ۖ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Lan maneh Ingsun ngutus Ibrahim, nalika samana Ibrahim maringi pitutur marang umate, "Sira padha manembaha ing Allah lan bektia ing Panjenengane. Kang kaya mengkono iku luwih becik tumrap ing sira menawa sira padha mangerti
إِنَّمَا تَعْبُدُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ أَوْثَانًا وَتَخْلُقُونَ إِفْكًا ۚ إِنَّ الَّذِينَ تَعْبُدُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ لَا يَمْلِكُونَ لَكُمْ رِزْقًا فَابْتَغُوا عِنْدَ اللَّهِ الرِّزْقَ وَاعْبُدُوهُ وَاشْكُرُوا لَهُ ۖ إِلَيْهِ تُرْجَعُونَ
Sejatine sira iku padha manembah saliyane Allah, yaiku brahala, sarta padha gawe - gawe, ngucap goroh, ngarani menawa brahala iku Pangeran ngembari Allah. Bareng liyane Allah kang sira sembah iku ora kagungan rejeki kaya kang sira pangan iku (rejeki iku kagungane Allah). Mulane sira padha nyuwuna rejeki marang Allah, sarta gelema syukur ing Allah. Lan ing tembe sira bakal disowanake bali ana ing ngarsane Allah
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
