Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #6 Translated in Jawa

8:2
إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللَّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيمَانًا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ
Para angèstu iku mung para kang padha giris atiné samangsa Allah sinebut, lan samangsa tim- balan-timbalan-É diwacakaké ma- rang dhèwèké padha wuwuh imané sarta marang Pangérané anggoné padha suméndhé
8:3
الَّذِينَ يُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ
Para kang padha anjumeneng- aké salat sarta padha mèwèhaké barang paparing-Ingsun ing dhè- wèké
8:4
أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقًّا ۚ لَهُمْ دَرَجَاتٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
Ya iki para wong angèstu temenan; dhèwèké bakal padha olèh drajat luhur sarta pangapura tuwin rijeki kang mulya saka ngar- saning Pangérané
8:5
كَمَا أَخْرَجَكَ رَبُّكَ مِنْ بَيْتِكَ بِالْحَقِّ وَإِنَّ فَرِيقًا مِنَ الْمُؤْمِنِينَ لَكَارِهُونَ
Kaya déné anggoné Pangé- ranira angetokaké sira saka ngo- mahira kalawan yekti, sanajan sapérangané wong kang padha angèstu temen padha ora sarju
8:6
يُجَادِلُونَكَ فِي الْحَقِّ بَعْدَمَا تَبَيَّنَ كَأَنَّمَا يُسَاقُونَ إِلَى الْمَوْتِ وَهُمْ يَنْظُرُونَ
Dhèwèké padha amadoni sira ing dalem prakara yakti, ing sawisé iki dadi terang, kaya-kaya dhèwèké digiring marang pati, kang sarta dhèwèké padha andeleng

Choose other languages: