Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #8 Translated in Jawa

8:4
أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقًّا ۚ لَهُمْ دَرَجَاتٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
Ya iki para wong angèstu temenan; dhèwèké bakal padha olèh drajat luhur sarta pangapura tuwin rijeki kang mulya saka ngar- saning Pangérané
8:5
كَمَا أَخْرَجَكَ رَبُّكَ مِنْ بَيْتِكَ بِالْحَقِّ وَإِنَّ فَرِيقًا مِنَ الْمُؤْمِنِينَ لَكَارِهُونَ
Kaya déné anggoné Pangé- ranira angetokaké sira saka ngo- mahira kalawan yekti, sanajan sapérangané wong kang padha angèstu temen padha ora sarju
8:6
يُجَادِلُونَكَ فِي الْحَقِّ بَعْدَمَا تَبَيَّنَ كَأَنَّمَا يُسَاقُونَ إِلَى الْمَوْتِ وَهُمْ يَنْظُرُونَ
Dhèwèké padha amadoni sira ing dalem prakara yakti, ing sawisé iki dadi terang, kaya-kaya dhèwèké digiring marang pati, kang sarta dhèwèké padha andeleng
8:7
وَإِذْ يَعِدُكُمُ اللَّهُ إِحْدَى الطَّائِفَتَيْنِ أَنَّهَا لَكُمْ وَتَوَدُّونَ أَنَّ غَيْرَ ذَاتِ الشَّوْكَةِ تَكُونُ لَكُمْ وَيُرِيدُ اللَّهُ أَنْ يُحِقَّ الْحَقَّ بِكَلِمَاتِهِ وَيَقْطَعَ دَابِرَ الْكَافِرِينَ
Lan nalikané Allah anyagahi sira salah sijiné golongan loro iku dadi bubuhanira, lan sira angajab bisaa kang ora asikep gagaman dadi bubuhanira; lan Allah angarsakaké ambeneraké kang bener kalawan pangandika-Né tuwin anatas oyodé para kafir
8:8
لِيُحِقَّ الْحَقَّ وَيُبْطِلَ الْبَاطِلَ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُونَ
Amrih Panjenengané ambuk- tèkaké beneré kang bener sarta anedahaké luputé kang luput, sana- jan para wong dosa padha ora sarju

Choose other languages: