Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #5 Translated in Jawa

8:1
يَسْأَلُونَكَ عَنِ الْأَنْفَالِ ۖ قُلِ الْأَنْفَالُ لِلَّهِ وَالرَّسُولِ ۖ فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَصْلِحُوا ذَاتَ بَيْنِكُمْ ۖ وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Dhèwèké padha takon marang sira prakara wuwuhan-wuwuhan. Kandhanana: Wuwuhan-wuwuhan * iku kagungané Allah lan Utusan. mulané padha di prayitna Allah sarta padha bedhamia prakarané ing antaranira, tuwin padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-É, manawa sira iku padha wong angèstu
8:2
إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللَّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيمَانًا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ
Para angèstu iku mung para kang padha giris atiné samangsa Allah sinebut, lan samangsa tim- balan-timbalan-É diwacakaké ma- rang dhèwèké padha wuwuh imané sarta marang Pangérané anggoné padha suméndhé
8:3
الَّذِينَ يُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ
Para kang padha anjumeneng- aké salat sarta padha mèwèhaké barang paparing-Ingsun ing dhè- wèké
8:4
أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقًّا ۚ لَهُمْ دَرَجَاتٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
Ya iki para wong angèstu temenan; dhèwèké bakal padha olèh drajat luhur sarta pangapura tuwin rijeki kang mulya saka ngar- saning Pangérané
8:5
كَمَا أَخْرَجَكَ رَبُّكَ مِنْ بَيْتِكَ بِالْحَقِّ وَإِنَّ فَرِيقًا مِنَ الْمُؤْمِنِينَ لَكَارِهُونَ
Kaya déné anggoné Pangé- ranira angetokaké sira saka ngo- mahira kalawan yekti, sanajan sapérangané wong kang padha angèstu temen padha ora sarju

Choose other languages: