Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #53 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا يَمَسُّهُمُ الْعَذَابُ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun, siksa bakal ange- nani dhèwèké amarga anggoné padha murang yekti
قُلْ لَا أَقُولُ لَكُمْ عِنْدِي خَزَائِنُ اللَّهِ وَلَا أَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَا أَقُولُ لَكُمْ إِنِّي مَلَكٌ ۖ إِنْ أَتَّبِعُ إِلَّا مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ ۚ قُلْ هَلْ يَسْتَوِي الْأَعْمَىٰ وَالْبَصِيرُ ۚ أَفَلَا تَتَفَكَّرُونَ
Calathua: Aku ora kandha marang sira: aku andarbeni kasugi- haning Allah; lan aku ora weruh barang kang ora katon; lan aku ora kandha marang sira, yèn aku iki sawijining malaikat; ora liya aku iki kajaba miturut apa kang kawedharaké marang aku. Cala- thua: Apa padha ta wong kang wuta karo wong kang andeleng? Apa ta sira ora padha mikir
وَأَنْذِرْ بِهِ الَّذِينَ يَخَافُونَ أَنْ يُحْشَرُوا إِلَىٰ رَبِّهِمْ ۙ لَيْسَ لَهُمْ مِنْ دُونِهِ وَلِيٌّ وَلَا شَفِيعٌ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ
Lan sira apépélinga nganggo iki marang para kang padha wedi, manawa dhèwèké bakal padha diimpun marang Pangérané – ora bakal padha duwé pangreksa saliyané Allah sarta ora pantara – supaya padha bektia
وَلَا تَطْرُدِ الَّذِينَ يَدْعُونَ رَبَّهُمْ بِالْغَدَاةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيدُونَ وَجْهَهُ ۖ مَا عَلَيْكَ مِنْ حِسَابِهِمْ مِنْ شَيْءٍ وَمَا مِنْ حِسَابِكَ عَلَيْهِمْ مِنْ شَيْءٍ فَتَطْرُدَهُمْ فَتَكُونَ مِنَ الظَّالِمِينَ
Lan aja sira nundhung para kang padha anguwuh Pangérané ing wajah ésuk lan soré mung mamrih karenaning Panjenengané; sira ora kepokoh sathithik-thithika marang pétungané lan marang pa- tunganira dhèwèké iya padha ora kepokoh sathithik-thithika, mulané padha sira tundhung, sira bakal padha dadi golongané para kang padha atindak dudu
وَكَذَٰلِكَ فَتَنَّا بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لِيَقُولُوا أَهَٰؤُلَاءِ مَنَّ اللَّهُ عَلَيْهِمْ مِنْ بَيْنِنَا ۗ أَلَيْسَ اللَّهُ بِأَعْلَمَ بِالشَّاكِرِينَ
Lan kaya mangkono anggon- Ingsun anyoba sawenèhé déning liyané, dimèn padha ngucap: Apa iki wong-wong panungggalané golonganku, kang wus kapari- ngan kanugrahan déning Allah? Apa Allah iku ora luwih udani marang para kang padha weruh ing panarima

Choose other languages: