Surah Al-Anaam Ayahs #5 Translated in Jawa
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ۖ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ
Kabèh pangalembana iku kagunganing Allah, kang wus anitahaké langit-langit lan bumi, sarta wus andadèkaké pepeteng lan papadhang; éwadéné para kang padha kafir padha agawé sisiha- ning Pangérané
هُوَ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ طِينٍ ثُمَّ قَضَىٰ أَجَلًا ۖ وَأَجَلٌ مُسَمًّى عِنْدَهُ ۖ ثُمَّ أَنْتُمْ تَمْتَرُونَ
Panjenengané iku kang ani- tahaké sira saka ing lemah, tumuli amutus sawijinng wawangen, lan munggguhing Panjenengané ana wawangen kang tinamtu; éwadéné sira padha madoni
وَهُوَ اللَّهُ فِي السَّمَاوَاتِ وَفِي الْأَرْضِ ۖ يَعْلَمُ سِرَّكُمْ وَجَهْرَكُمْ وَيَعْلَمُ مَا تَكْسِبُونَ
Lan Panjenengané iku Allah ing langit-langit lan ing bumi; Panjenengané anguningani page- dhongan--nira sarta gume- lar-ira, apa déné anguningani apa kang padha sira lakoni
وَمَا تَأْتِيهِمْ مِنْ آيَةٍ مِنْ آيَاتِ رَبِّهِمْ إِلَّا كَانُوا عَنْهَا مُعْرِضِينَ
Lan ora kena ora, yèn ana timbalan tumeka marang dhèwèké tunggalé timbalan-timbalaning Pa- ngérané, masthi iku padha diplé- ngosi
فَقَدْ كَذَّبُوا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُمْ ۖ فَسَوْفَ يَأْتِيهِمْ أَنْبَاءُ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Dadi temen padha anggoroh- aké ing yakti nalikané anekani dhèwèké, mulané yakti kang padha diguguyu iku bakal padha anyoroti dhèwèké
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
