Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #8 Translated in Jawa

6:4
وَمَا تَأْتِيهِمْ مِنْ آيَةٍ مِنْ آيَاتِ رَبِّهِمْ إِلَّا كَانُوا عَنْهَا مُعْرِضِينَ
Lan ora kena ora, yèn ana timbalan tumeka marang dhèwèké tunggalé timbalan-timbalaning Pa- ngérané, masthi iku padha diplé- ngosi
6:5
فَقَدْ كَذَّبُوا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُمْ ۖ فَسَوْفَ يَأْتِيهِمْ أَنْبَاءُ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Dadi temen padha anggoroh- aké ing yakti nalikané anekani dhèwèké, mulané yakti kang padha diguguyu iku bakal padha anyoroti dhèwèké
6:6
أَلَمْ يَرَوْا كَمْ أَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِنْ قَرْنٍ مَكَّنَّاهُمْ فِي الْأَرْضِ مَا لَمْ نُمَكِّنْ لَكُمْ وَأَرْسَلْنَا السَّمَاءَ عَلَيْهِمْ مِدْرَارًا وَجَعَلْنَا الْأَنْهَارَ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهِمْ فَأَهْلَكْنَاهُمْ بِذُنُوبِهِمْ وَأَنْشَأْنَا مِنْ بَعْدِهِمْ قَرْنًا آخَرِينَ
Apa ta ora padha mawas, wis sapira kèhé para bangsa ing sadurungé, kang wus Ingsun sirnakaké, kang mauné Ingsun tetepaké ana ing bumi, kaya enggon Ingsun ora anetepaké ing sira, sarta Ingsun angutus men- dhung angesokaké udan marang dhèwèké, lan Ingsun andadèkaké kali-kali kang padha mili ing sangisoré; banjur dhèwèké padha Ingsun sirnakaké amarga saka kaluputané, sarta ing sawisé dhè- wèké Ingsun anuwuhaké bangsa liya
6:7
وَلَوْ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ كِتَابًا فِي قِرْطَاسٍ فَلَمَسُوهُ بِأَيْدِيهِمْ لَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُبِينٌ
Lan saumpama Ingsun anu- runaké marang sira tulis ing kertas, dhèwèké banjur anggrayang iku kalawan tangan-tangané, amasthi para kang padha kafir padha aca- lathu: Iki ora liya kajaba kamayan kang cetha
6:8
وَقَالُوا لَوْلَا أُنْزِلَ عَلَيْهِ مَلَكٌ ۖ وَلَوْ أَنْزَلْنَا مَلَكًا لَقُضِيَ الْأَمْرُ ثُمَّ لَا يُنْظَرُونَ
Sarta padha calathu: Yagéné ora ana malaikat kang katurunaké marang dhèwèké? Lan saupama Ingsun anurunaké malaikat, amas- thi prakara iki wis kaputus, banjur dhèwèké ora bakal padha di- sumènèkaké

Choose other languages: