Surah Al-Anaam Ayahs #11 Translated in Jawa
وَلَوْ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ كِتَابًا فِي قِرْطَاسٍ فَلَمَسُوهُ بِأَيْدِيهِمْ لَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُبِينٌ
Lan saumpama Ingsun anu- runaké marang sira tulis ing kertas, dhèwèké banjur anggrayang iku kalawan tangan-tangané, amasthi para kang padha kafir padha aca- lathu: Iki ora liya kajaba kamayan kang cetha
وَقَالُوا لَوْلَا أُنْزِلَ عَلَيْهِ مَلَكٌ ۖ وَلَوْ أَنْزَلْنَا مَلَكًا لَقُضِيَ الْأَمْرُ ثُمَّ لَا يُنْظَرُونَ
Sarta padha calathu: Yagéné ora ana malaikat kang katurunaké marang dhèwèké? Lan saupama Ingsun anurunaké malaikat, amas- thi prakara iki wis kaputus, banjur dhèwèké ora bakal padha di- sumènèkaké
وَلَوْ جَعَلْنَاهُ مَلَكًا لَجَعَلْنَاهُ رَجُلًا وَلَلَبَسْنَا عَلَيْهِمْ مَا يَلْبِسُونَ
Lan saupama sing Ingsun dadèkaké dhèwèké iku malaikat, masthi dhèwèké iya Ingsun dadèkaké wong, sarta mas- thi Ingsun gawé peteng tumrap dhèwèké kaya anggoné padha peteng
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِنْ قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِينَ سَخِرُوا مِنْهُمْ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Lan yekti temen para utusan ing sadurungira padha diguguyu, ananging apa kang padha di- guguyu, anglimputi dhèwèké sing padha angguguyu
قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ ثُمَّ انْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِينَ
Calathua: Padha lalakua ana ing bumi, tumuli padha sira delenga, kapriyé wasanané para kang padha anggorohaké
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
