Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #13 Translated in Jawa

6:9
وَلَوْ جَعَلْنَاهُ مَلَكًا لَجَعَلْنَاهُ رَجُلًا وَلَلَبَسْنَا عَلَيْهِمْ مَا يَلْبِسُونَ
Lan saupama sing Ingsun dadèkaké dhèwèké iku malaikat, masthi dhèwèké iya Ingsun dadèkaké wong, sarta mas- thi Ingsun gawé peteng tumrap dhèwèké kaya anggoné padha peteng
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِنْ قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِينَ سَخِرُوا مِنْهُمْ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Lan yekti temen para utusan ing sadurungira padha diguguyu, ananging apa kang padha di- guguyu, anglimputi dhèwèké sing padha angguguyu
قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ ثُمَّ انْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِينَ
Calathua: Padha lalakua ana ing bumi, tumuli padha sira delenga, kapriyé wasanané para kang padha anggorohaké
قُلْ لِمَنْ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ قُلْ لِلَّهِ ۚ كَتَبَ عَلَىٰ نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۚ لَيَجْمَعَنَّكُمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَا رَيْبَ فِيهِ ۚ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنْفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ
Calathua: Sapa ta sing andar- bèni sabarang ing langit-langit lan bumi? Sira tutura: Kagungané Allah; Panjenengané wus amasthi ing Sarira-Né wilasa; yekti temen Panjenengané bakal angimpun sira ing dina kiyamat – tanpa ana semangé prakara iki. para kang padha nunakaké jiwané, lah iku padha ora angèstu
وَلَهُ مَا سَكَنَ فِي اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Lan kagungan-É sabarang kang manggon ing wengi lan raina; lan Panjenengané iku Ingkang- Miyarsa, Ingkang-Angudanèni

Choose other languages: