Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #20 Translated in Jawa

مَنْ يُصْرَفْ عَنْهُ يَوْمَئِذٍ فَقَدْ رَحِمَهُ ۚ وَذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْمُبِينُ
Sapa sing ing dina iku diluputaké saka ing iku, lah temen sihing Allah marang dhèwèké; lan iki pakolih kang tétéla
وَإِنْ يَمْسَسْكَ اللَّهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهُ إِلَّا هُوَ ۖ وَإِنْ يَمْسَسْكَ بِخَيْرٍ فَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Lan manawa Allah ang- grayang sira asarana sangsara, lah iku ora ana kang bisa ambirat, kajaba Panjenengané, lan manawa Panjenengané amatedhani becik, lah Panjenengané iku marang samubarang kawasa
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهِ ۚ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ
Lan Panjenengané iku Ing- kang-Mahawisésa angungkuli para kawula-Né; lan Panjenengané iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang- Waspada
قُلْ أَيُّ شَيْءٍ أَكْبَرُ شَهَادَةً ۖ قُلِ اللَّهُ ۖ شَهِيدٌ بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ ۚ وَأُوحِيَ إِلَيَّ هَٰذَا الْقُرْآنُ لِأُنْذِرَكُمْ بِهِ وَمَنْ بَلَغَ ۚ أَئِنَّكُمْ لَتَشْهَدُونَ أَنَّ مَعَ اللَّهِ آلِهَةً أُخْرَىٰ ۚ قُلْ لَا أَشْهَدُ ۚ قُلْ إِنَّمَا هُوَ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ وَإِنَّنِي بَرِيءٌ مِمَّا تُشْرِكُونَ
Calathua: Apa ta barang kang luwih gedhé pasaksiné? Calathua: Allah iku saksi antarané aku karo sira; lan diwedharaké marang aku Quran iki, supaya iki dakanggo mémélingi sira lan sapa-sapa kang katekan. Apa ta sira iku temen padha aneksèni yèn ana sesem- bahan liyané, kanthiné Allah. Calathua: aku ora neksèni. Calathua: Panjenengané iku se- sembahan kang mung Sawiji, lan sayekti aku lebaran saka barang kang padha sira sakuthokaké
الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَعْرِفُونَهُ كَمَا يَعْرِفُونَ أَبْنَاءَهُمُ ۘ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنْفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ
Para kang padha Ingsun paringi Kitab padha weruh marang dhèwèké kaya weruhé marang anak-anaké; para kang padha mitunani jiwané dhéwé, iku ora padha angèstu

Choose other languages: