Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #157 Translated in Jawa

وَأَنَّ هَٰذَا صِرَاطِي مُسْتَقِيمًا فَاتَّبِعُوهُ ۖ وَلَا تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَنْ سَبِيلِهِ ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُمْ بِهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Lan aja padha cedhak- cedhak bandhané bocah yatim, kajaba kalawan laku kang utama, nganti tumekané déwasa- né; lan padha dikebak ing panaker sarta dikalawan jejeg ing panraju. Ingsun ora mardi-mardi ing jiwa, kajaba sakuwasané; lan samangsa sira calathu, lah padha sing adil, sanajan ta ing krabat, sarta padha anetepana ing janjiné Allah; iki anggoné meling Panje- nengané marang sira, supaya sira padha éling
ثُمَّ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ تَمَامًا عَلَى الَّذِي أَحْسَنَ وَتَفْصِيلًا لِكُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى وَرَحْمَةً لَعَلَّهُمْ بِلِقَاءِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُونَ
Lan , yèn iki da- dalan-Ingsun, kang bener; mulané sira padha manuta iku, sarta aja padha manut ing dalan-dalan kang satemah anyimpangaké ing sira saka dadalané Panjenengané; iki anggoné meling Panjenengané marang sira, supaya sira padha suminggah saka ing ala
وَهَٰذَا كِتَابٌ أَنْزَلْنَاهُ مُبَارَكٌ فَاتَّبِعُوهُ وَاتَّقُوا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
Tumuli Ingsun amaringi Ki- tab marang Musa, minangka nyam- purnakaké ma- rang kang agawé becik , sarta minangka pamijang tumrap sakèhing barang apa déné minang- ka tuntunan tuwin wilasa, supaya dhèwèké padha angèstu marang bakal sapatemoning Pangérané
أَنْ تَقُولُوا إِنَّمَا أُنْزِلَ الْكِتَابُ عَلَىٰ طَائِفَتَيْنِ مِنْ قَبْلِنَا وَإِنْ كُنَّا عَنْ دِرَاسَتِهِمْ لَغَافِلِينَ
Lan iki Kitab, kang Ingsun- wedharaké, kang binarkahan; mu- lané iku padha sira enuta sarta di padha bekti, supaya sira padha sinihan
أَوْ تَقُولُوا لَوْ أَنَّا أُنْزِلَ عَلَيْنَا الْكِتَابُ لَكُنَّا أَهْدَىٰ مِنْهُمْ ۚ فَقَدْ جَاءَكُمْ بَيِّنَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ ۚ فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنْ كَذَّبَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَصَدَفَ عَنْهَا ۗ سَنَجْزِي الَّذِينَ يَصْدِفُونَ عَنْ آيَاتِنَا سُوءَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوا يَصْدِفُونَ
Supaya sira ora bakal padha angucap, Kitab iku mung kawe- dharaké marang rong golongan ing sadurungku sarta Ingsun léna marang kang padha diwaca

Choose other languages: