Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #18 Translated in Jawa

قُلْ أَغَيْرَ اللَّهِ أَتَّخِذُ وَلِيًّا فَاطِرِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَهُوَ يُطْعِمُ وَلَا يُطْعَمُ ۗ قُلْ إِنِّي أُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ أَوَّلَ مَنْ أَسْلَمَ ۖ وَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Calathua: Apa aku iki anga- lap pangayoman saliyané Allah, Kang-Anitahaké langit-langit lan bumi, sarta Panjenengané Angi- ngoni, ora diingoni. Calathua: Aku kadhawuhan dadia wiwitané wong sing sumarah, lan poma sira aja padha dadi golongané para sing manembah Pangéran akèh
قُلْ إِنِّي أَخَافُ إِنْ عَصَيْتُ رَبِّي عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ
Calathua: Sayekti aku wedi siksa ing dina kang agung, mana- wa aku andagaa marang Pangéran- ku
مَنْ يُصْرَفْ عَنْهُ يَوْمَئِذٍ فَقَدْ رَحِمَهُ ۚ وَذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْمُبِينُ
Sapa sing ing dina iku diluputaké saka ing iku, lah temen sihing Allah marang dhèwèké; lan iki pakolih kang tétéla
وَإِنْ يَمْسَسْكَ اللَّهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهُ إِلَّا هُوَ ۖ وَإِنْ يَمْسَسْكَ بِخَيْرٍ فَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Lan manawa Allah ang- grayang sira asarana sangsara, lah iku ora ana kang bisa ambirat, kajaba Panjenengané, lan manawa Panjenengané amatedhani becik, lah Panjenengané iku marang samubarang kawasa
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهِ ۚ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ
Lan Panjenengané iku Ing- kang-Mahawisésa angungkuli para kawula-Né; lan Panjenengané iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang- Waspada

Choose other languages: