Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Ahqaf Ayahs #32 Translated in Jawa

فَلَوْلَا نَصَرَهُمُ الَّذِينَ اتَّخَذُوا مِنْ دُونِ اللَّهِ قُرْبَانًا آلِهَةً ۖ بَلْ ضَلُّوا عَنْهُمْ ۚ وَذَٰلِكَ إِفْكُهُمْ وَمَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Ya gene wong kang padha mangeran liyane Allah dadi Pangerane kanggo nyedhak ing Allah amarga brahalane ora bisa nulungi dheweke. Malah sabisa-bisa padha mlayu nyingkir. Dadi anggone mangeran brahala mau tetela padha luput lan goroh
وَإِذْ صَرَفْنَا إِلَيْكَ نَفَرًا مِنَ الْجِنِّ يَسْتَمِعُونَ الْقُرْآنَ فَلَمَّا حَضَرُوهُ قَالُوا أَنْصِتُوا ۖ فَلَمَّا قُضِيَ وَلَّوْا إِلَىٰ قَوْمِهِمْ مُنْذِرِينَ
(Muhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun nekakake sak rombongan jin ngrungokake anggonira maca al-Quran Bareng Jin mau wis ngrungokake padha kondha, "Para kancaku padha menenga ngrungokna unine al-Quran iki". Bareng wis rampung pamacane, jin mau bali marang panggonane banjur mulang al-Quran marang kancane
قَالُوا يَا قَوْمَنَا إِنَّا سَمِعْنَا كِتَابًا أُنْزِلَ مِنْ بَعْدِ مُوسَىٰ مُصَدِّقًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهِ يَهْدِي إِلَى الْحَقِّ وَإِلَىٰ طَرِيقٍ مُسْتَقِيمٍ
(Para jin) kondho, "Kancaku, saiki aku krungu kitab kang diturunake dening Allah sapungkure Musa nerangake yen kitab kang kuna - kuna kabeh bener. Aweh pituduh marang dalan bener (Islam)
يَا قَوْمَنَا أَجِيبُوا دَاعِيَ اللَّهِ وَآمِنُوا بِهِ يَغْفِرْ لَكُمْ مِنْ ذُنُوبِكُمْ وَيُجِرْكُمْ مِنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ
Hai kancaku (jin kabeh) padha ngistokna dhawuhing Allah (kang diemban Muhammad) sarta padha percayaa Allah. Allahbakal ngapura kaluputanmu lan bakal paring slamet ora kena siksa neraka kang nglarani
وَمَنْ لَا يُجِبْ دَاعِيَ اللَّهِ فَلَيْسَ بِمُعْجِزٍ فِي الْأَرْضِ وَلَيْسَ لَهُ مِنْ دُونِهِ أَوْلِيَاءُ ۚ أُولَٰئِكَ فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Sing sapa ora ngistokake dhawuhing Allah, ora bisa ngunci siksaning Allah ana bumi lan ora duwe pangayom liyane Allah. Wong mangkono mau cetha yen kesasar

Choose other languages: