Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #97 Translated in Jawa

اذْهَبُوا بِقَمِيصِي هَٰذَا فَأَلْقُوهُ عَلَىٰ وَجْهِ أَبِي يَأْتِ بَصِيرًا وَأْتُونِي بِأَهْلِكُمْ أَجْمَعِينَ
Padha mangkata, klambiku iki gawanen, banjur sèlèhna ing ngarsané bapak, panjenengané bakal pirsa sarta tekaa marang aku mréné karo kulawargamu kabèh
وَلَمَّا فَصَلَتِ الْعِيرُ قَالَ أَبُوهُمْ إِنِّي لَأَجِدُ رِيحَ يُوسُفَ ۖ لَوْلَا أَنْ تُفَنِّدُونِ
Bareng untan-untan wis mangkat, bapakné calathu: Sayek- ti, aku weruh kaagungané Yusuf, lamun kowé ora angarani aku kendho ing akal
قَالُوا تَاللَّهِ إِنَّكَ لَفِي ضَلَالِكَ الْقَدِيمِ
Padha calathu: Dhemi Allah, saèstu panjenengan punika dumu- nung wonten ing sasar panje- nengan kala rumiyin
فَلَمَّا أَنْ جَاءَ الْبَشِيرُ أَلْقَاهُ عَلَىٰ وَجْهِهِ فَارْتَدَّ بَصِيرًا ۖ قَالَ أَلَمْ أَقُلْ لَكُمْ إِنِّي أَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Lah bareng kang anggawa kabar bungah teka, disèlèhaké ing ngarepé,a lah dhèwèké dadi yakin.b Calathuné: Apa aku ora kandha marang kowé, yèn aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh
قَالُوا يَا أَبَانَا اسْتَغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا إِنَّا كُنَّا خَاطِئِينَ
Padha calathu: Dhuh bapak, mugi panjenengan nyuwunaken pangapunten kula ing kalepatan kula; saèstu kula punika sami tiyang dosa

Choose other languages: