Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #100 Translated in Jawa

فَلَمَّا أَنْ جَاءَ الْبَشِيرُ أَلْقَاهُ عَلَىٰ وَجْهِهِ فَارْتَدَّ بَصِيرًا ۖ قَالَ أَلَمْ أَقُلْ لَكُمْ إِنِّي أَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Lah bareng kang anggawa kabar bungah teka, disèlèhaké ing ngarepé,a lah dhèwèké dadi yakin.b Calathuné: Apa aku ora kandha marang kowé, yèn aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh
قَالُوا يَا أَبَانَا اسْتَغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا إِنَّا كُنَّا خَاطِئِينَ
Padha calathu: Dhuh bapak, mugi panjenengan nyuwunaken pangapunten kula ing kalepatan kula; saèstu kula punika sami tiyang dosa
قَالَ سَوْفَ أَسْتَغْفِرُ لَكُمْ رَبِّي ۖ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ
Calathuné: Aku bakal nyu- wunaké pangapura kowé marang Pangéranku; sayekti, Panjenengané iku Ingkang-Aparamarta, Ingkang- Mahaasih
فَلَمَّا دَخَلُوا عَلَىٰ يُوسُفَ آوَىٰ إِلَيْهِ أَبَوَيْهِ وَقَالَ ادْخُلُوا مِصْرَ إِنْ شَاءَ اللَّهُ آمِنِينَ
Lah bareng wis padha marek marang Yusuf, para wong tuwané padha dipapanaké ing panggonané karo calathu: Sumangga sami lumebet ing Mesir kalayan aman, manawi dados kaparengipun Allah
وَرَفَعَ أَبَوَيْهِ عَلَى الْعَرْشِ وَخَرُّوا لَهُ سُجَّدًا ۖ وَقَالَ يَا أَبَتِ هَٰذَا تَأْوِيلُ رُؤْيَايَ مِنْ قَبْلُ قَدْ جَعَلَهَا رَبِّي حَقًّا ۖ وَقَدْ أَحْسَنَ بِي إِذْ أَخْرَجَنِي مِنَ السِّجْنِ وَجَاءَ بِكُمْ مِنَ الْبَدْوِ مِنْ بَعْدِ أَنْ نَزَغَ الشَّيْطَانُ بَيْنِي وَبَيْنَ إِخْوَتِي ۚ إِنَّ رَبِّي لَطِيفٌ لِمَا يَشَاءُ ۚ إِنَّهُ هُوَ الْعَلِيمُ الْحَكِيمُ
Lan dhèwèké angunggah- aké wong tuwané loro marang dhampar lan padha tumundhuk sujud marang dhèwèké, sarta calathu: Dhuh bapak! punika wahananipun supenan kula kala rumiyin punika; saèstu punika kadadosaken kanyataan déning Pangéran kula; saèstu Panjene- nganipun sampun adamel saé dha- teng kula, nalika Panjenenganipun angedalaken kula saking kunjara saha angedalaken panjenengan sa- daya saking saganten wedhi ing sasampunipun sétan anyebar co- congkrahan antawisipun kula kali- yan para sadhèrèk kula; saèstu Pangéran kula punika alus tumrap sinten ingkang dados kaparenging karsa-Nipun; saèstu, Panjenengan- ipun punika Ingkang-Angudanéni, Ingkang-Wicaksana

Choose other languages: