Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #96 Translated in Jawa

قَالَ لَا تَثْرِيبَ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَ ۖ يَغْفِرُ اللَّهُ لَكُمْ ۖ وَهُوَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ
Calathuné: Ing dina iki wis ora panutuh marang kowé kabèh; muga Allah anga- pura marang kowé kabèh, lan Panjenengané iku luwih Welas- welasé kang padha welas
اذْهَبُوا بِقَمِيصِي هَٰذَا فَأَلْقُوهُ عَلَىٰ وَجْهِ أَبِي يَأْتِ بَصِيرًا وَأْتُونِي بِأَهْلِكُمْ أَجْمَعِينَ
Padha mangkata, klambiku iki gawanen, banjur sèlèhna ing ngarsané bapak, panjenengané bakal pirsa sarta tekaa marang aku mréné karo kulawargamu kabèh
وَلَمَّا فَصَلَتِ الْعِيرُ قَالَ أَبُوهُمْ إِنِّي لَأَجِدُ رِيحَ يُوسُفَ ۖ لَوْلَا أَنْ تُفَنِّدُونِ
Bareng untan-untan wis mangkat, bapakné calathu: Sayek- ti, aku weruh kaagungané Yusuf, lamun kowé ora angarani aku kendho ing akal
قَالُوا تَاللَّهِ إِنَّكَ لَفِي ضَلَالِكَ الْقَدِيمِ
Padha calathu: Dhemi Allah, saèstu panjenengan punika dumu- nung wonten ing sasar panje- nengan kala rumiyin
فَلَمَّا أَنْ جَاءَ الْبَشِيرُ أَلْقَاهُ عَلَىٰ وَجْهِهِ فَارْتَدَّ بَصِيرًا ۖ قَالَ أَلَمْ أَقُلْ لَكُمْ إِنِّي أَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Lah bareng kang anggawa kabar bungah teka, disèlèhaké ing ngarepé,a lah dhèwèké dadi yakin.b Calathuné: Apa aku ora kandha marang kowé, yèn aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh

Choose other languages: