Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #12 Translated in Jawa

إِذْ قَالُوا لَيُوسُفُ وَأَخُوهُ أَحَبُّ إِلَىٰ أَبِينَا مِنَّا وَنَحْنُ عُصْبَةٌ إِنَّ أَبَانَا لَفِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Nalika padha calathu: Temen Yusuf lan saduluré iku luwih kasihan marang bapak tinimbang aku kabèh, mangka aku kabèh iki papanthan : sayekti bapak iki temen dumunung ing sasar kang tétéla
اقْتُلُوا يُوسُفَ أَوِ اطْرَحُوهُ أَرْضًا يَخْلُ لَكُمْ وَجْهُ أَبِيكُمْ وَتَكُونُوا مِنْ بَعْدِهِ قَوْمًا صَالِحِينَ
Padha patènana Yusuf, utawa buwangen marang tanah-tanah supaya idhepé bapakmu mligi ma- rang kowé kabéh, lan ing sawisé iku kowé bakal padha dadi wong tulus
قَالَ قَائِلٌ مِنْهُمْ لَا تَقْتُلُوا يُوسُفَ وَأَلْقُوهُ فِي غَيَابَتِ الْجُبِّ يَلْتَقِطْهُ بَعْضُ السَّيَّارَةِ إِنْ كُنْتُمْ فَاعِلِينَ
Dhèwèké ana siji kang cala- thu: Aja padha kopatèni Yusuf, balik cemplungna ing dhasaring luweng, yèn kowé kudu-kudu ang- laksanani , cikbèn diju- puk sawenèhing wong kang padha lalaku
قَالُوا يَا أَبَانَا مَا لَكَ لَا تَأْمَنَّا عَلَىٰ يُوسُفَ وَإِنَّا لَهُ لَنَاصِحُونَ
Dhèwèké padha calathu: Dhuh bapak, punapa ta karana- nipun, déné ingatasipun Yusuf Panjenengan boten pitajeng dha- teng kula? Mangka kula punika saèstu sami mitra darma tumrap dhateng piyambakipun
أَرْسِلْهُ مَعَنَا غَدًا يَرْتَعْ وَيَلْعَبْ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ
Mugi piyambakipun kadha- wuhana, tumut kula bénjing énjing, supados bingah-bingah saha dodo- lanan, saha saèstu kula ingkang sami badhé rumeksa dhateng piyambakipun

Choose other languages: